Senin, 29 Agustus 2016

"SUNGAI BARONG PACITAN" Destinasi baru wisata alam yang merupakan rintisan desa wisata berbasis masyarakat. [Desa Candi - Kecamatan Pringkuku]

SUNGAI BARONG PACITAN

Siapa sangka "Pacitan" nama sebuah kabupaten yang di kelilingi pegunungan dan perbukitan ini merupakan sebuah kota tempat kelahiran Pak SBY yang tak lain adalah Seorang presiden RI yang ke-6. Dulunya kabupaten kecil ini bukan apa-apa dan tak begitu dikenal, Namun kini mulai berbenah diri dan mulai bangkit. Banyak sektor yang kini sudah mulai dikembangkan salah satunya bidang wisata.

Dengan kekayaan alamnya dan kondisi geografis yang berupa perbukitan, pegunungan , lembah, lautan, dan terdapat hamparan pegunungan karst, membuat kabupaten yang berjuluk kota 1001 goa ini kaya akan keindahan alamnya yang kini banyak di kelola menjadi sebuah obyek wisata.

Ada berbagai macam wisata alam yang ada di Pacitan, selain terkenal dengan goa nya Pacitan juga memiliki pantai-pantai yang indah, gunung-gunung, dan kini juga mulai di kenal dengan keindahan wisata sungainya.

Sungai Maron mungkin sudah tak asing lagi di telinga anda, tapi taukah anda dengan Sungai "Barong"? Dimanakah tempatnya? Seperti apa?, dan lain-lain. Nah, buat anda yang belum pernah dengar, pada kesempatan kali ini mari kita ulas tentang sungai satu ini yang katanya sudah mulai di kembangkan jadi desa wisata.

Sungai Barong berlokasi di Dusun Barong wetan, Desa Candi, Kecamatan Pringkuku, Kabupaten Pacitan, Jawa timur. Masih satu wilayah desa dengan Pantai Srau yang sudah lebih dulu di kenal wisatawan. Sungai sepanjang sekitar 150 meter ini telah di resmikan oleh bupati Indartato pada 15 Oktober 2015 sebagai wahana wisata sungai baru di Pacitan. Awalnya sungai ini hanyalah sungai biasa, tetapi setelah beberapa waktu lalu dibendung, Sungai Barong kini jadi tempat kegiatan mendayung perahu dan berenang anak-anak dan warga sekitar.

Kali Barong memiliki sumber air yang tak pernah kering walau musim kemarau. Sebelum digunakan untuk wisata dayung, dulunya sungai ini dimanfaatkan warga sekitar untuk pengairan sawah. Jadi manfaatnya cukup terasa untuk kesejahteraan masyarakat disana. Pada ujung sungai juga ada semacam bak bantuan dari PDAM Pacitan beberapa waktu lalu, terus warga memasang pipa dan mengalirkanya ke masing-masing sawahnya, alhasil sawah disana bisa panen berkali-kali per tahunya.

Selain itu pihak pengelola Sungai Barong terus melakukan pembaruan untuk menarik para pngunjung, diantaranya ada dayung perahu mancung yang lebih dulu ada dan kemudian telah disediakan sepada air yang menjadi wahana baru di Sungai ini. Dan yang akhir-akhir ini di kembangkan adalah tempat budidaya ikan Nila, juga ada lagi wisata kreatif "Ceklukan".

Wahana Dayung Perahu Mancung adalah sebuah kegiatan susur sungai menggunakan Perahu Mancung (Perahu khas Pacitan). Perahu ini muat untuk 3 orang, dan tidak terdapat mesin. Jadi anda harus mendayung sendiri perahu tersebut untuk menggerakkan perahu dengan tongkat pendayung. Butuh keseimbangan dan tekhnik kusus untuk mengemudikan perahu ini, jadi harus minta penjelasan dulu dari pemandu dari warga sekitar sebelum naik.

Wahana kedua ada sepeda air. Sepeda air disini merupakan sepeda biasa yang dikayuh dengan kaki, namun ada sedikit modifikasi dengan memberi pelampung dari pipa paralon sehingga yang menaiki akan merasakan sensasi mengayuh sepeda dengan kondisi terapung diatas air sungai.

Berikutnya ada Ceklukan, apa itu? Ceklukan adalah sebuah kearifan lokal peninggalan leluhur yang sudah hampir seperempat abad hilang. Ceklukan ini merupakan wujud karya seni alunan musik yang dihasilkan dari menepuk-nepuk air dan biasanya dimainkan oleh 6 orang. Dulunya ini adalah bentuk mainan anak-anak jaman dahulu yang masih sering mandi dan bermain di sungai.

Seperti yang kita ketahui, Kali Barong merupakan sebuah rintisan desa wisata berbasis masyarakat, yang letaknya juga masih sejalur dengan obyek wisata lainya yaitu Pantai Srau dan Pantai Watukarung. Untuk menikmati keindahan sungai Barong dengan kearifan lokal masyarakat sekitar, semua ini masih gratis dan katanya selamanya akan tetap gratis untuk pengunjung.
Selamat berkunjung didestinasi wisata baru Pacitan, tetap jaga kebersihan lingkungan dan alam kita ya..

Rabu, 17 Agustus 2016

"WUKU JULUNGWANGI PAWUKON JAWA" Watak, Paringkelan, Padewan, Padangon, Paarasan, Pancasuda, Kamarrokam, Sengkan-turunan, Waler-sangker.

GAMBAR WUKU JULUNGWANGI PAWUKON JAWA
9. WUKU JULUNGWANGI

Dewane Batara Sambu, sabarang gandane ngambar, lire sabarang karepe durung kalakon wis kajuwara ing akeh. Kayune Cepaka, manis arum sawicarane kinasihan marang wong akeh. Manuke Kutilang, receh tur ginugu sabasane, kanggep pangawulane. Amandi Umbul-umbul, begjane aparek. Ngarepake banyu jembangan, paradah budine, lilan nanging kudu tiningalna pawewehe. Sengkala-bilahine: tinebak ing macan. Tulak-slametane: sega kebuli dang-dangan beras sapitrah, iwak pitik abang winor ing sega, salawate kucing, dongane Tulak-bilahi. Candrane: Kembang sumebar, wateke arum manis pamicarane, sarwa bisa ing sabarang gawe, lan bisa gawe memanis, ananging sajroning ati bosenan lan amrih dudu. Lambange: Banteng lumpuh, tegese bilahi sebab saka atine gede nanging ora kasembadan. Murih rahayu slamet, pangruwate sarana sesaji duren pitung gluntung, lan ares-aresan, tindihe arupa kucing. Banjur kasidekahake.
Jabung Kala Wuku Jaya Bumi ana Kidul-kulon, pitung dina aja marani enggoning Jabung.

• Ahad Pon
Wurukung (Ringkel Sato, tegese: apesing sato, watake: lena, manfaate: mbeburu, sirikane: aja babad alas), Sri (iya iku Batari Sri, watake: asih lan welasan, manfaate: nandur pari lan tirisan), Dangu (tegese: watu, watake: meneng bae, manfaate: gawe tugu tutup lan wewadah), Aras Kembang Lakuning Jejodon (bayi lair watake: ora dremen anak, nanging akeh sanake lan linulutan marang wong lanang wadon, gampang lamun nggraita lan nggaota, samono iku lamun omah-omah / laki-rabi), Bumi-kapetak (watake: kukuh nanging resikan atine, prayoga kudu taberi ing gawe sarta betah luwe, yen kesed sarta ora betah luwe iku dadi kamlaratane, sebab uriping bumi iku kalawan ingupakara, dene uriping badan kudu taberi sabarang, manfaate: kanggo adeging cagak lan kanggo gawe jumbleng), Nuju-padu (watake: kerep pasulayan, manfaate: kanggo ageging pawon).

• Senen Wage
Paningron (Ringkel Manuk, tegese: apesing manuk, watake: takabur, manfaate: memikat lan mbedil, sirikane: aja gawe kurungan manuk), Indra (iya iku Batara Indra, watake: nastiti lan angkuh, manfaate: ngaji sabarang kawruh), Dangu (tegese: watu, watake: meneng bae, manfaate: gawe tugu tutup lan wewadah), Lakuning Geni (bayi lair watake: panas baranan mbangun perang, panasten drengki akeh kang pinaragut, yen wong wadon sok manggung gawe bilahi), Wasesa-sagara (watake: sugih ngapura, tur jembar budine, bisa momot ujar kang ala lan ujar kang becik, tur gede prabawane. manfaate: kanggo nenandur), Sanggar-waringin (watake: padang atine, lan karem marang ilmu, bisa ngayomi kulawangsane, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging masjid utawa pamelengan), Celeng Tembalung tumurun ing Taman (watake: demen laku salib, amrih bilahining wong, manfaate: awita ngaji pasirepan sabarang).

• Selasa Kliwon
Uwas (Ringkel Mina, tegese: apesing iwak loh, watake: melikan, manfaate: gawe saya jaring jala, sirikane: aja ngingu iwak), Guru (iya iku Batara Guru, watake: nyenyoba nggenganjar lelemeran, manfaate: masang tetumbal), Jagur (tegese: macan, watake: luwes rosa srei, manfaate: gawe pager lan lawanging regol), Aras Tuding Lakuning Setan (bayi lair watake: wani ngambah ing wengi, kendel, lan yen duwe dandanan / sandangan kudu diedol bae, calimut melik marang duweking tangga), Sumur-sinaba (watake: ing saenggon-enggone kudu dadi pangungsening kawigyan, manfaate: kanggo gae sumur), Nuju-pati (watake: kerep katiwasan, manfaate: kanggo gawe pager bumi lan gawe jabung), Kutila Pas sumengka (watake: demen gawe lali luputing wong, aja nandur pari jagung, kena ing ama uler manuk), Anggara Kasih kawitane masa-wuku Kanem utawa Saddha (yaiku dina Selasa kliwon dina kang wigati, angker, awit diyakini nduweni daya kaluwihan tinimbang dina-dina liyane).

• Rebo Legi
Mawulu (Ringkel wiji, tegese: apesing wiji, watake: kari roga, utawa nandang lara, manfaate: anggaru malukuwa sawah, sirikane: aja nibakake wiji), Yama (iya iku Batara Yamadipati, watake: agung maklume lan banget ing lumuhe, manfaate: adagang), Gigis (tegese: bumi, watake: rosa lan amot, manfaate: nenandur lan potang), Aras Kembang Lakuning Jejodon (bayi lair watake: ora dremen anak, nanging akeh sanake lan linulutan marang wong lanang wadon, gampang lamun nggraita lan nggaota, samono iku lamun omah-omah / laki-rabi), Sumur-sinaba (watake: ing saenggon-enggone kudu dadi pangungsening kawigyan, manfaate: kanggo gae sumur), Kala-tinantang (watake: gede napsune, manfaate: kanggo adeging pawon), Sri Gati tumurun ing desa Medang wangi anjujug ing Paturon (watake: welasan, manfaate: gawea dagangan sabarang, nandura pari lan tirisan, kang panuju ringkel sato aja potang lan nyilihake manawa lebur).

• Kemis Paing
Tungle (Ringkel Godong, tegese: apesing godong, watake: saguh nanging kumbi, manfaate: mirangake, sirikane: aja nandur kang pinurih godonge), Rudra (iya iku Batara Rudra, watake: berbudi lal boja karma, manfaate: anderes gawe sumur lan wangan), Kerangan (tegese: srengenge, watake: nastiti lan ajeg, manfaate: njenengake priyayi), Lakuning Bumi (bayi lair watake: yen nggaota sok niwasi, andap asor pangucape, yen tutur sok wurung, sok ngekul sepadaning wong, mula ora duwe sanak, nanging kandane yekti nyata), Lebu-katiyup-angin (watake: mlaratan, ora jenakan, kerep alihan, siyal sandang pangane, ora dadi sabarang karepe, demen ngumbara pikirane. manfaate: menyang alas mbeburu), Mantri-sinaroja (watake: ora kekurangan sandang pangan, yen angaota pakoleh, lan sugih anak, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging omah mburi).

• Jum'at Pon
Aryang (Ringkel Jalma, tegese: apesing wong, watake: sugih lalen, manfaate: gawe upas lan racun, sirikane: aja nenandur, nikahan, ngadegne omah), Brama (iya iku Batara Brama, watake: panas-baranan ora sarantan, manfaate: babad alas nggaru maluku sawah), Nohan (tegese: rembulan, watake: welasan oleh ala, manfaate: adagang ana ing dalan), Lakuning Lintang (bayi lair watake: meneng lembah manah, nanging ora duwe sadulur, ora duwe napsu lan betah melek lamun bengi, tinakdir bia dagang lan bisa adol basane, yen duwe karep ora kena dipalangi), Lebu-katiyup-angin (watake: mlaratan, ora jenakan, kerep alihan, siyal sandang pangane, ora dadi sabarang karepe, demen ngumbara pikirane. manfaate: menyang alas mbeburu), Macan-katawan (watake: keringan, manfaate: kanggo adeging pandapa lan regol).

• Sabtu Wage
Wurukung (Ringkel Sato, tegese: apesing sato, watake: lena, manfaate: mbeburu, sirikane: aja babad alas), Kala (iya iku Batara Kala, watake: candala ing budi, murka goroh lan ngamandaka, manfaate: gawe pepacak), Wogan (tegese: uler, watake: mugen lan antepan, manfaate: gawe praboting prang), Lakuning Lintang (bayi lair watake: meneng lembah manah, nanging ora duwe sadulur, ora duwe napsu lan betah melek lamun bengi, tinakdir bia dagang lan bisa adol basane, yen duwe karep ora kena dipalangi), Satriya-wirang (watake: ing saenggon-enggone kudu kerep kalingseman, senadyan sumedya mikir marang kautaman, dumadakan kesandung, temah kerep nandang wirang, manfaate: kanggo nyekel wong ala), Nuju-padu (watake: kerep pasulayan, manfaate: kanggo ageging pawon).

Minggu, 14 Agustus 2016

"WUKU WARIGAGUNG PAWUKON JAWA" Watak, Paringkelan, Padewan, Padangon, Paarasan, Pancasuda, Kamarrokam, Sengkan-turunan, Waler-sangker.

GAMBAR WUKU WARIGAGUNG PAWUKON JAWA
8. WUKU WARIGAGUNG

Dewane Batara Maharesi, abot sanggane, lan akeh kamelikane. Kayune Cemara, rame pamicarane, manisarum, kedep lamun aparentah. Manuke Betet, wanter budune wignya ngupaya pangan. Gedonge loro ana ngarep lan buri, lilane peparon. Umbul-umbule kawuri, begjane katemu ing buri. Sengkala-bilahine: Kebendongan ing prasanakane. Tulak-slametane: sega wuduk dang-dangan beras sapitrah, iwak bebek putih diolah gegurih, lan kuluban warna lima, salawate limang keteng, dongane rasul. Candrane: Ketug lindu, watake sugih guna ora katara, nanging lincok sajroning ati.Lambange: Mina lodan pejah, tegese bilahi sebab suka kapedotan sihe kang aweh sandang pangan. Murih rahatu slamet, pangruwate sarana sesaji uwi ingedang wewutuhan, lan ares-aresan, tindihe limang picis. Banjur kasidekahake.
Jabung Kala Wuku Jaya Bumi ana lor, pitong dina aja marani enggoning jabung.

• Ahad Legi
Aryang (Ringkel Jalma, tegese: apesing wong, watake: sugih lalen, manfaate: gawe upas lan racun, sirikane: aja nenandur, nikahan, ngadegne omah), Indra (iya iku Batara Indra, watake: nastiti lan angkuh, manfaate: ngaji sabarang kawruh), Jagur (tegese: macan, watake: luwes rosa srei, manfaate: gawe pager lan lawanging regol), Aras Pepet Lakuning Pandita Sakti (bayi lair watake: meneng anggitan, yen winuruk nuli bisa, jero napsune, sok kena tinakonan, bisa marang padukunan, pamuwuse sok umuk, wong iku misuwuring jenenge lantaran sastra), Sumur-sinaba (watake: ing saenggon-enggone kudu dadi pangungsening kawigyan, manfaate: kanggo gae sumur), Macan-katawan (watake: keringan, manfaate: kanggo adeging pandapa lan regol), Kala Dite (tegese: dina kang angker, pinuju jayane Kala Sengkala lan jayane singha kang tansah mangayam-ayam manusa kang lahir julung. mula dina iki kalebu dina kang disingkiri kanggao kaperluan kang wigati; mantu agawe omah boyongan lsp).

• Senen Paing
Wurukung (Ringkel Sato, tegese: apesing sato, watake: lena, manfaate: mbeburu, sirikane: aja babad alas), Guru (iya iku Batara Guru, watake: nyenyoba nggenganjar lelemeran, manfaate: masang tetumbal), Gigis (tegese: bumi, watake: rosa lan amot, manfaate: nenandur lan potang), Lakuning Lintang (bayi lair watake: meneng lembah manah, nanging ora duwe sadulur, ora duwe napsu lan betah melek lamun bengi, tinakdir bia dagang lan bisa adol basane, yen duwe karep ora kena dipalangi), Bumi-kapetak (watake: kukuh nanging resikan atine, prayoga kudu taberi ing gawe sarta betah luwe, yen kesed sarta ora betah luwe iku dadi kamlaratane, sebab uriping bumi iku kalawan ingupakara, dene uriping badan kudu taberi sabarang, manfaate: kanggo adeging cagak lan kanggo gawe jumbleng), Nuju-padu (watake: kerep pasulayan, manfaate: kanggo ageging pawon), Asu Ajag Tumurun ing Pakiwan (watake: demen ngaget-ageti, amrih kinaweden saujare, manfaate: awita gawe gamelan).

• Selasa Pon
Paningron (Ringkel Manuk, tegese: apesing manuk, watake: takabur, manfaate: memikat lan mbedil, sirikane: aja gawe kurungan manuk), Yama (iya iku Batara Yamadipati, watake: agung maklume lan banget ing lumuhe, manfaate: adagang), Kerangan (tegese: srengenge, watake: nastiti lan ajeg, manfaate: njenengake priyayi), Aras Pepet Lakuning Pandita Sakti (bayi lair watake: meneng anggitan, yen winuruk nuli bisa, jero napsune, sok kena tinakonan, bisa marang padukunan, pamuwuse sok umuk, wong iku misuwuring jenenge lantaran sastra), Satria-wibawa (watake: ana ing ngendi panggonan kudu oleh kawibawan lan kaluhuran, manfaate: kanggo adeging omah, lan kanggo nikahan), Sanggar-waringin (watake: padang atine, lan karem marang ilmu, bisa ngayomi kulawangsane, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging masjid utawa pamelengan), Sapi Gumarang Sumengka (watake: demen kajen kinaweden, aja nandur pari jagung, kena ing ama ketek walang).

• Rebo Wage
Uwas (Ringkel Mina, tegese: apesing iwak loh, watake: melikan, manfaate: gawe saya jaring jala, sirikane: aja ngingu iwak), Rudra (iya iku Batara Rudra, watake: berbudi lal boja karma, manfaate: anderes gawe sumur lan wangan), Nohan (tegese: rembulan, watake: welasan oleh ala, manfaate: adagang ana ing dalan), Aras Tuding Lakuning Setan (bayi lair watake: wani ngambah ing wengi, kendel, lan yen duwe dandanan / sandangan kudu diedol bae, calimut melik marang duweking tangga), Satria-wibawa (watake: ana ing ngendi panggonan kudu oleh kawibawan lan kaluhuran, manfaate: kanggo adeging omah, lan kanggo nikahan), Macan-katawan (watake: keringan, manfaate: kanggo adeging pandapa lan regol).

• Kemis Kliwon
Mawulu (Ringkel wiji, tegese: apesing wiji, watake: kari roga, utawa nandang lara, manfaate: anggaru malukuwa sawah, sirikane: aja nibakake wiji), Brama (iya iku Batara Brama, watake: panas-baranan ora sarantan, manfaate: babad alas nggaru maluku sawah), Wogan (tegese: uler, watake: mugen lan antepan, manfaate: gawe praboting prang), Lakuning Banyu (bayi lair watake: ing tembe bocah iku sok parentah marang sepadaning wong, keras budine lan padune, ora gelem yen kurang mangan, jembar polatane, yen omah-omah / rabi-laki manggung tukaran, samono iku lamun ora jodo), Bumi-kapetak (watake: kukuh nanging resikan atine, prayoga kudu taberi ing gawe sarta betah luwe, yen kesed sarta ora betah luwe iku dadi kamlaratane, sebab uriping bumi iku kalawan ingupakara, dene uriping badan kudu taberi sabarang, manfaate: kanggo adeging cagak lan kanggo gawe jumbleng), Kala-tinantang (watake: gede napsune, manfaate: kanggo adeging pawon).

• Jum'at Legi
Tungle (Ringkel Godong, tegese: apesing godong, watake: saguh nanging kumbi, manfaate: mirangake, sirikane: aja nandur kang pinurih godonge), Kala (iya iku Batara Kala, watake: candala ing budi, murka goroh lan ngamandaka, manfaate: gawe pepacak), Tulus (tegese: banyu, watake: akeh karepe lan lembut ing pangarah, manfaate: anderes, gawe sumur lan wangan), Aras Tuding Lakuning Setan (bayi lair watake: wani ngambah ing wengi, kendel, lan yen duwe dandanan / sandangan kudu diedol bae, calimut melik marang duweking tangga), Satriya-wirang (watake: ing saenggon-enggone kudu kerep kalingseman, senadyan sumedya mikir marang kautaman, dumadakan kesandung, temah kerep nandang wirang, manfaate: kanggo nyekel wong ala), Sanggar-waringin (watake: padang atine, lan karem marang ilmu, bisa ngayomi kulawangsane, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging masjid utawa pamelengan).

• Sabtu Paing
Ardang (Ringkel Jalma, tegese: apesing wong, watake: sugih lalen, manfaate: gawe upas lan racun, sirikane: aja nenandur, nikahan, ngadegne omah), Uma (iya iku Batari Uma , watake: welas marang ing kasusahan lan jail ing ati, manfaate: gawe pager lan wates), Wurung (tegese: geni, watake: panas-baranan, manfaate: babad alas, nggaru lan maluku sawah), Lakuning Geni (bayi lair watake: panas-baranan, ketuhe ngleliwati, calatune ukur menga bae, ora nyawang marang polataning wong, juwet guyune, yen napsu ora lana, padune wong jireh), Satria-wibawa (watake: ana ing ngendi panggonan kudu oleh kawibawan lan kaluhuran, manfaate: kanggo adeging omah, lan kanggo nikahan), Macan-katawan (watake: keringan, manfaate: kanggo adeging pandapa lan regol).

Jumat, 12 Agustus 2016

"WUKU WARIGALIT PAWUKON JAWA" Watak, Paringkelan, Padewan, Padangon, Paarasan, Pancasuda, Kamarrokam, Sengkan-turunan, Waler-sangker.

GAMBAR WUKU WARIGALIT PAWUKON JAWA

7. WUKU WARIGALIT

Dewane Batara Asmara, bagus warnane, dadi kekembaning pasamuwan, kerep rabi, darengki gede but-arepane, ewuh kekarepane, lumuh marang pajagongan. Kayune Sulastri, bagus rupane akeh kang demen lan resep kang mulat. Manuke Kepodang, butarepan, ora rena kumpul ing akeh. Ngarepake Candi, karem asobo ing asepi, lan prihatinan. Sengkala-bilahine: Diembet. Tulak-slametane: sega ura dang-dangan beras sapitrah, iwak kebo ranjapan, tukon brandon, diolah gecok, salawate wolung keteng, dongane Tulak-bilahi. Candrane: Kayu kamladeyan, watake saenggon-enggone bisa dadi, nanging cacade ora lana. Lambange: Janma mati , tegese bilahi amarga saka lalen. Murih rahayu slamet, pangruwate sarana sesaji gedang garaita kang suluh satundun, lan ares-aresan, tindihe patang picis. Banjur kasidekahake.
Jabung Kala Wuku Jaya Bumi ana ing Duwur, pitung dina aja memenek.

• Ahad Wage
Tungle (Ringkel Godong, tegese: apesing godong, watake: saguh nanging kumbi, manfaate: mirangake, sirikane: aja nandur kang pinurih godonge), Guru (iya iku Batara Guru, watake: nyenyoba nggenganjar lelemeran, manfaate: masang tetumbal), Kerangan (tegese: srengenge, watake: nastiti lan ajeg, manfaate: njenengake priyayi), Aras Peksi Lakuning Angin (bayi lair watake: meneng mandita, yen omah-omah / abale-omah tansah alihan padunungan, demen ginunggung, nanging yen duwe japa ora mandi, mulane tansah taranjalan ora jenjem budine), Satria-wibawa (watake: ana ing ngendi panggonan kudu oleh kawibawan lan kaluhuran, manfaate: kanggo adeging omah, lan kanggo nikahan), Kala-tinantang (watake: gede napsune, manfaate: kanggo adeging pawon), Celeng Tembalung sumengka (watake: demen anggelani atining wong, aja nenendur, kena ing ama tikus celeng).

• Senin Kliwon
Aryang (Ringkel Jalma, tegese: apesing wong, watake: sugih lalen, manfaate: gawe upas lan racun, sirikane: aja nenandur, nikahan, ngadegne omah), Yama (iya iku Batara Yamadipati, watake: agung maklume lan banget ing lumuhe, manfaate: adagang), Nohan (tegese: rembulan, watake: welasan oleh ala, manfaate: adagang ana ing dalan), Aras Kembang Lakuning Jejodon (bayi lair watake: ora dremen anak, nanging akeh sanake lan linulutan marang wong lanang wadon, gampang lamun nggraita lan nggaota, samono iku lamun omah-omah / laki-rabi), Satriya-wirang (watake: ing saenggon-enggone kudu kerep kalingseman, senadyan sumedya mikir marang kautaman, dumadakan kesandung, temah kerep nandang wirang, manfaate: kanggo nyekel wong ala), Macan-katawan (watake: keringan, manfaate: kanggo adeging pandapa lan regol), Kutila Pas tumurun ing Lumbung (watake: durgama, manfaate: awita nglaras gamelan), Sampar Wangke (tegese: pinuju apesing wong, sirikane: aja mantu ngadekne omah beboyongan lsp. aja nunggal turu / sacumbana karo laki-rabine, waler-sangkere menawa nganti tumitis dadining bocah bakal apes, manfaate: kanggo ngadoni utawa gawe upas lan racun).

• Selasa Legi
Wurukung (Ringkel Sato, tegese: apesing sato, watake: lena, manfaate: mbeburu, sirikane: aja babad alas), Rudra (iya iku Batara Rudra, watake: berbudi lal boja karma, manfaate: anderes gawe sumur lan wangan), Wogan (tegese: uler, watake: mugen lan antepan, manfaate: gawe praboting prang), Lakuning Geni (bayi lair watake: panas baranan mbangun perang, panasten drengki akeh kang pinaragut, yen wong wadon sok manggung gawe bilahi), Wasesa-sagara (watake: sugih ngapura, tur jembar budine, bisa momot ujar kang ala lan ujar kang becik, tur gede prabawane. manfaate: kanggo nenandur), Nuju-padu (watake: kerep pasulayan, manfaate: kanggo ageging pawon), Sri Gati sumengka (watake: demen ngundamana pawewehe).

• Rebo Paing
Paningron (Ringkel Manuk, tegese: apesing manuk, watake: takabur, manfaate: memikat lan mbedil, sirikane: aja gawe kurungan manuk), Brama (iya iku Batara Brama, watake: panas-baranan ora sarantan, manfaate: babad alas nggaru maluku sawah), Tulus (tegese: banyu, watake: akeh karepe lan lembut ing pangarah, manfaate: anderes, gawe sumur lan wangan), Lakuning Banyu (bayi lair watake: ing tembe bocah iku sok parentah marang sepadaning wong, keras budine lan padune, ora gelem yen kurang mangan, jembar polatane, yen omah-omah / rabi-laki manggung tukaran, samono iku lamun ora jodo), Wasesa-sagara (watake: sugih ngapura, tur jembar budine, bisa momot ujar kang ala lan ujar kang becik, tur gede prabawane. manfaate: kanggo nenandur), Sanggar-waringin (watake: padang atine, lan karem marang ilmu, bisa ngayomi kulawangsane, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging masjid utawa pamelengan).

• Kemis Pon
Uwas (Ringkel Mina, tegese: apesing iwak loh, watake: melikan, manfaate: gawe saya jaring jala, sirikane: aja ngingu iwak), Kala (iya iku Batara Kala, watake: candala ing budi, murka goroh lan ngamandaka, manfaate: gawe pepacak), Wurung (tegese: geni, watake: panas-baranan, manfaate: babad alas, nggaru lan maluku sawah), Lakuning Srengenge (bayi lair watake: manis pamicarane lan akeh maklume, nanging asor yen aduwe padu, samubarang tansah kacipta, yen memangan ora kena ingaweran, iku kalebu cacat), Satriya-wirang (watake: ing saenggon-enggone kudu kerep kalingseman, senadyan sumedya mikir marang kautaman, dumadakan kesandung, temah kerep nandang wirang, manfaate: kanggo nyekel wong ala), Macan-katawan (watake: keringan, manfaate: kanggo adeging pandapa lan regol), Tali Wangke (yaiku dina kalebu dina kang ala lan disingkiri, sirikane: aja ngudunake kewan ingon-ingon kang asikil papat, aja mantu gawe omah lan sakpanunggalane kaperluan kang wigati, waler-sangkere menawa apes, manfaate: gawea sabarang kang bangsa tetali, sarta nindakake sabarang pratingkah kang bangsa nenali).

• Jum'at Wage
Mawulu (Ringkel wiji, tegese: apesing wiji, watake: kari roga, utawa nandang lara, manfaate: anggaru malukuwa sawah, sirikane: aja nibakake wiji), Uma (iya iku Batari Uma , watake: welas marang ing kasusahan lan jail ing ati, manfaate: gawe pager lan wates), Dadi (tegese: kayu, watake: lumuh kaungkulan, manfaate: nandur kitri agung), Aras Pepet Lakuning Pandita Sakti (bayi lair watake: meneng anggitan, yen winuruk nuli bisa, jero napsune, sok kena tinakonan, bisa marang padukunan, pamuwuse sok umuk, wong iku misuwuring jenenge lantaran sastra), Sumur-sinaba (watake: ing saenggon-enggone kudu dadi pangungsening kawigyan, manfaate: kanggo gae sumur), Nuju-pati (watake: kerep katiwasan, manfaate: kanggo gawe pager bumi lan gawe jabung).

• Sabtu Kliwon
Tungle (Ringkel Godong, tegese: apesing godong, watake: saguh nanging kumbi, manfaate: mirangake, sirikane: aja nandur kang pinurih godonge), Sri (iya iku Batari Sri, watake: asih lan welasan, manfaate: nandur pari lan tirisan), Dangu (tegese: watu, watake: meneng bae, manfaate: gawe tugu tutup lan wewadah), Lakuning Bumi (bayi lair watake: yen nggaota sok niwasi, andap asor pangucape, yen tutur sok wurung, sok ngekul sepadaning wong, mula ora duwe sanak, nanging kandane yekti nyata), Tunggak-semi (watake: ora pegat rejekine, sanadyan pinapas, meksa isih kudu tukul, manfaate: kanggo kepyakan priyayi), Sanggar-waringin (watake: padang atine, lan karem marang ilmu, bisa ngayomi kulawangsane, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging masjid utawa pamelengan).

Rabu, 10 Agustus 2016

"WUKU GUMBREG PAWUKON JAWA" Watak, Paringkelan, Padewan, Padangon, Paarasan, Pancasuda, Kamarrokam, Sengkan-turunan, Waler-sangker.

GAMBAR WUKU GUMBREG PAWUKON JAWA
6. WUKU GUMBREG

Dewane Batara Cakra, bisa ngungkuli sapepadane, ujar sapisan tur patitis, lila warana ing ati. Suku ngarsa kakobok ing banyu, parentahe adem ngarep panas buri. Kayune Waringin, dadi pangauban kadang wargane. Manuke Ayam-alas, kesit budine, tur pinilala ing wong agung, manis arum pangucape, sugih wicara demen kang mulat, kanggep pangawulane, luhur piyangkuhe, lan gede daulate. Gedonge Kakiwakake, lila ing dunyane, kang nganggo karana rai. Sengkala-bilahine : kabalabak lan kacemplung ing banyu. Tulak-slametane : sega pera dang-dangan beras sapitrah, lawuhe pitik barumbun lumancur dipindang, kuluban warna sanga, salawate patang keteng, dongane Rajukna. Candrane : Geter pater ing sabumi, watake sugih kojah lan sugih ilmu, atine sumuci-suci, ananging ora sumurup marang wekasane, dadi tumrape marang ilmu temahan wigar anggagar. Lambange : Patining wreksa, tegese bilahi marga saka binendon ing wong agung. Murih rahayu slamet, pangruwate sarana sesaji beneman gembili sapuluh iji, lan ares-aresan, tindihe patang picis. Banjur kasidekahake.
Jabung Kala Wuku Jaya Bumi ana Kidul, pitung dina aja marani enggoning jabung.

• Ahad Paing
Mawulu (Ringkel wiji, tegese: apesing wiji, watake: kari roga, utawa nandang lara, manfaate: anggaru malukuwa sawah, sirikane: aja nibakake wiji), Yama (iya iku Batara Yamadipati, watake: agung maklume lan banget ing lumuhe, manfaate: adagang), Wogan (tegese: uler, watake: mugen lan antepan, manfaate: gawe praboting prang), Lakuning Rembulan (bayi lair watake: bangkit marang sabarang penggawean, lan sadelo bae bisa mukti, yen winuruk gelis bisa, linulutan marang wong, jembar budine, nanging sungkanan lan ora sugih), Wasesa-sagara (watake: sugih ngapura, tur jembar budine, bisa momot ujar kang ala lan ujar kang becik, tur gede prabawane. manfaate: kanggo nenandur), Nuju-pati (watake: kerep katiwasan, manfaate: kanggo gawe pager bumi lan gawe jabung), Asu Ajag Sumengka (watake: demen dierami ing wong, aja nandur pari bakal kena ing ama lodoh).

• Senen Pon
Tungle (Ringkel Godong, tegese: apesing godong, watake: saguh nanging kumbi, manfaate: mirangake, sirikane: aja nandur kang pinurih godonge), Rudra (iya iku Batara Rudra, watake: berbudi lal boja karma, manfaate: anderes gawe sumur lan wangan), Tulus (tegese: banyu, watake: akeh karepe lan lembut ing pangarah, manfaate: anderes, gawe sumur lan wangan), Aras Tuding Lakuning Setan (bayi lair watake: wani ngambah ing wengi, kendel, lan yen duwe dandanan / sandangan kudu diedol bae, calimut melik marang duweking tangga), Sumur-sinaba (watake: ing saenggon-enggone kudu dadi pangungsening kawigyan, manfaate: kanggo gae sumur), Kala-tinantang (watake: gede napsune, manfaate: kanggo adeging pawon), Sapi Gumarang Tumurun ing Taman (watake: demen angrusak kabecikan, manfaate: awita gawe omah padeksan).

• Selasa Wage
Aryang (Ringkel Jalma, tegese: apesing wong, watake: sugih lalen, manfaate: gawe upas lan racun, sirikane: aja nenandur, nikahan, ngadegne omah), Brama (iya iku Batara Brama, watake: panas-baranan ora sarantan, manfaate: babad alas nggaru maluku sawah), Wurung (tegese: geni, watake: panas-baranan, manfaate: babad alas, nggaru lan maluku sawah), Lakuning Bumi (bayi lair watake: amem meneng cugetan-aten, ora duwe sanak, tur ketul pikre wong iku, rada kanggonan tabiat demen sembranan karo wong wadon, yen wong wadon karo wong lanang), Lebu-katiyup-angin (watake: mlaratan, ora jenakan, kerep alihan, siyal sandang pangane, ora dadi sabarang karepe, demen ngumbara pikirane. manfaate: menyang alas mbeburu), Mantri-sinaroja (watake: ora kekurangan sandang pangan, yen angaota pakoleh, lan sugih anak, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging omah mburi).

• Rebo Kliwon
Wurukung (Ringkel Sato, tegese: apesing sato, watake: lena, manfaate: mbeburu, sirikane: aja babad alas), Kala (iya iku Batara Kala, watake: candala ing budi, murka goroh lan ngamandaka, manfaate: gawe pepacak), Dadi (tegese: kayu, watake: lumuh kaungkulan, manfaate: nandur kitri agung), Lakuning Srengenge (bayi lair watake: manis pamicarane lan akeh maklume, nanging asor yen aduwe padu, samubarang tansah kacipta, yen memangan ora kena ingaweran, iku kalebu cacat), Lebu-katiyup-angin (watake: mlaratan, ora jenakan, kerep alihan, siyal sandang pangane, ora dadi sabarang karepe, demen ngumbara pikirane. manfaate: menyang alas mbeburu), Nuju-padu (watake: kerep pasulayan, manfaate: kanggo ageging pawon)

• Kemis Legi
Paningron (Ringkel Manuk, tegese: apesing manuk, watake: takabur, manfaate: memikat lan mbedil, sirikane: aja gawe kurungan manuk), Uma (iya iku Batari Uma , watake: welas marang ing kasusahan lan jail ing ati, manfaate: gawe pager lan wates), Dangu (tegese: watu, watake: meneng bae, manfaate: gawe tugu tutup lan wewadah), Lakuning Lintang (bayi lair watake: meneng lembah manah, nanging ora duwe sadulur, ora duwe napsu lan betah melek lamun bengi, tinakdir bia dagang lan bisa adol basane, yen duwe karep ora kena dipalangi), Satria-wibawa (watake: ana ing ngendi panggonan kudu oleh kawibawan lan kaluhuran, manfaate: kanggo adeging omah, lan kanggo nikahan), Sanggar-waringin (watake: padang atine, lan karem marang ilmu, bisa ngayomi kulawangsane, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging masjid utawa pamelengan).

• Jum'at Paing
Uwas (Ringkel Mina, tegese: apesing iwak loh, watake: melikan, manfaate: gawe saya jaring jala, sirikane: aja ngingu iwak), Sri (iya iku Batari Sri, watake: asih lan welasan, manfaate: nandur pari lan tirisan), Jagur (tegese: macan, watake: luwes rosa srei, manfaate: gawe pager lan lawanging regol), Lakuning Srengenge (bayi lair watake: manis pamicarane lan akeh maklume, nanging asor yen aduwe padu, samubarang tansah kacipta, yen memangan ora kena ingaweran, iku kalebu cacat), Tunggak-semi (watake: ora pegat rejekine, sanadyan pinapas, meksa isih kudu tukul, manfaate: kanggo kepyakan priyayi), Mantri-sinaroja (watake: ora kekurangan sandang pangan, yen angaota pakoleh, lan sugih anak, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging omah mburi).

• Sabtu Pon
Mawulu (Ringkel wiji, tegese: apesing wiji, watake: kari roga, utawa nandang lara, manfaate: anggaru malukuwa sawah, sirikane: aja nibakake wiji), Indra (iya iku Batara Indra, watake: nastiti lan angkuh, manfaate: ngaji sabarang kawruh), Gigis (tegese: bumi, watake: rosa lan amot, manfaate: nenandur lan potang), Lakuning Banyu (bayi lair watake: ing tembe bocah iku sok parentah marang sepadaning wong, keras budine lan padune, ora gelem yen kurang mangan, jembar polatane, yen omah-omah / rabi-laki manggung tukaran, samono iku lamun ora jodo), Wasesa-sagara (watake: sugih ngapura, tur jembar budine, bisa momot ujar kang ala lan ujar kang becik, tur gede prabawane. manfaate: kanggo nenandur), Nuju-pati (watake: kerep katiwasan, manfaate: kanggo gawe pager bumi lan gawe jabung).

Selasa, 09 Agustus 2016

"WUKU TOLU PAWUKON JAWA" Watak, Paringkelan, Padewan, Padangon, Paarasan, Pancasuda, Kamarrokam, Sengkan-turunan, Waler-sangker.

GAMBAR WUKU TOLU PAWUKON JAWA
5. WUKU TOLU

Dewane Batara Bayu, kukuh bakuh pambekane, mintir budine, lugu wicarane. Kayune Walikukun, kukuh wulet tur kagem prajurit, tatag budine. Manuke Branjangan, watak ora bisa saririh, kebat cukat yen ana gawe, lan betah melek ing bengi. Gedonge ana ngarep, ngatokake dunyane, paradah nanging ora sarju. Umbul-umbule kawuri, ing tembe ana kamuktene. Sengkala-bilahine : Kasungu utawa kasiung. Tulak-slametane : sega wuduk dang-dangan beras sapitrah, iwak pitik dilembarang, salawate telung keteng, dongane Kabula. Candrane : Wangkawa kaluwung, watake angkuh tur ambadidik, nanging ora langgeng, demen doracara suprandene akeh resep kang pada mulat. Lambange : Pasarehan sakehing wuku, tegese bilahi awit saka kakehan kang dipikir. Murih rahayu slamet pangruwate sarana sesaji semangka wutuhan pitung iji, lan ares-aresan, tindihe telung picis. Banjur kasidekahake.
Jabung Kala Wuku Jaya Bumi ana Lor-kulon, pitung dina aja marani enggoning jabung.

• Ahad Kliwon
Uwas (Ringkel Mina, tegese: apesing iwak loh, watake: melikan, manfaate: gawe saya jaring jala, sirikane: aja ngingu iwak), Rudra (iya iku Batara Rudra, watake: berbudi lal boja karma, manfaate: anderes gawe sumur lan wangan), Wurung (tegese: geni, watake: panas-baranan, manfaate: babad alas, nggaru lan maluku sawah), Lakuning Lintang (bayi lair watake: meneng lembah manah, nanging ora duwe sadulur, ora duwe napsu lan betah melek lamun bengi, tinakdir bia dagang lan bisa adol basane, yen duwe karep ora kena dipalangi), Lebu-katiyup-angin (watake: mlaratan, ora jenakan, kerep alihan, siyal sandang pangane, ora dadi sabarang karepe, demen ngumbara pikirane. manfaate: menyang alas mbeburu), Mantri-sinaroja (watake: ora kekurangan sandang pangan, yen angaota pakoleh, lan sugih anak, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging omah mburi), Kutila Pas sumengka (watake: demen gawe lali luputing wong, aja nandur pari jagung, kena ing ama uler manuk).

• Senin Legi
Mawulu (Ringkel wiji, tegese: apesing wiji, watake: kari roga, utawa nandang lara, manfaate: anggaru malukuwa sawah, sirikane: aja nibakake wiji), Brama (iya iku Batara Brama, watake: panas-baranan ora sarantan, manfaate: babad alas nggaru maluku sawah), Dadi (tegese: kayu, watake: lumuh kaungkulan, manfaate: nandur kitri agung), Aras Peksi Lakuning Angin (bayi lair watake: meneng mandita, yen omah-omah / abale-omah tansah alihan padunungan, demen ginunggung, nanging yen duwe japa ora mandi, mulane tansah taranjalan ora jenjem budine), Tunggak-semi (watake: ora pegat rejekine, sanadyan pinapas, meksa isih kudu tukul, manfaate: kanggo kepyakan priyayi), Nuju-pati (watake: kerep katiwasan, manfaate: kanggo gawe pager bumi lan gawe jabung), Sri Gati Nalika Tumurun ing desa Tulyan ajujug ing Pawon (watake: welasan, manfaate: gawea dagangan sabarang, nandura pari lan tirisan, kang panuju ringkel sato aja potang lan nyilihake manawa lebur).

• Selasa Paing
Tungle (Ringkel Godong, tegese: apesing godong, watake: saguh nanging kumbi, manfaate: mirangake, sirikane: aja nandur kang pinurih godonge), Kala (iya iku Batara Kala, watake: candala ing budi, murka goroh lan ngamandaka, manfaate: gawe pepacak), Dangu (tegese: watu, watake: meneng bae, manfaate: gawe tugu tutup lan wewadah), Aras Kembang Lakuning Jejodon (bayi lair watake: ora dremen anak, nanging akeh sanake lan linulutan marang wong lanang wadon, gampang lamun nggraita lan nggaota, samono iku lamun omah-omah / laki-rabi), Satriya-wirang (watake: ing saenggon-enggone kudu kerep kalingseman, senadyan sumedya mikir marang kautaman, dumadakan kesandung, temah kerep nandang wirang, manfaate: kanggo nyekel wong ala), Kala-tinantang (watake: gede napsune, manfaate: kanggo adeging pawon).

• Rebo Pon
Aryang (Ringkel Jalma, tegese: apesing wong, watake: sugih lalen, manfaate: gawe upas lan racun, sirikane: aja nenandur, nikahan, ngadegne omah), Uma (iya iku Batari Uma , watake: welas marang ing kasusahan lan jail ing ati, manfaate: gawe pager lan wates), Jagur (tegese: macan, watake: luwes rosa srei, manfaate: gawe pager lan lawanging regol), Lakuning Rembulan (bayi lair watake: bangkit marang sabarang penggawean, lan sadelo bae bisa mukti, yen winuruk gelis bisa, linulutan marang wong, jembar budine, nanging sungkanan lan ora sugih), Bumi-kapetak (watake: kukuh nanging resikan atine, prayoga kudu taberi ing gawe sarta betah luwe, yen kesed sarta ora betah luwe iku dadi kamlaratane, sebab uriping bumi iku kalawan ingupakara, dene uriping badan kudu taberi sabarang, manfaate: kanggo adeging cagak lan kanggo gawe jumbleng), Mantri-sinaroja (watake: ora kekurangan sandang pangan, yen angaota pakoleh, lan sugih anak, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging omah mburi).

• Kemis Wage
Wurukung (Ringkel Sato, tegese: apesing sato, watake: lena, manfaate: mbeburu, sirikane: aja babad alas), Sri (iya iku Batari Sri, watake: asih lan welasan, manfaate: nandur pari lan tirisan), Gigis (tegese: bumi, watake: rosa lan amot, manfaate: nenandur lan potang), Aras Kembang Lakuning Jejodon (bayi lair watake: ora dremen anak, nanging akeh sanake lan linulutan marang wong lanang wadon, gampang lamun nggraita lan nggaota, samono iku lamun omah-omah / laki-rabi), Tunggak-semi (watake: ora pegat rejekine, sanadyan pinapas, meksa isih kudu tukul, manfaate: kanggo kepyakan priyayi), Nuju-pati (watake: kerep katiwasan, manfaate: kanggo gawe pager bumi lan gawe jabung)

• Jum'at Kliwon
Paningron (Ringkel Manuk, tegese: apesing manuk, watake: takabur, manfaate: memikat lan mbedil, sirikane: aja gawe kurungan manuk), Indra (iya iku Batara Indra, watake: nastiti lan angkuh, manfaate: ngaji sabarang kawruh), Kerangan (tegese: srengenge, watake: nastiti lan ajeg, manfaate: njenengake priyayi), Lakuning Rembulan (bayi lair watake: bangkit marang sabarang penggawean, lan sadelo bae bisa mukti, yen winuruk gelis bisa, linulutan marang wong, jembar budine, nanging sungkanan lan ora sugih), Wasesa-sagara (watake: sugih ngapura, tur jembar budine, bisa momot ujar kang ala lan ujar kang becik, tur gede prabawane. manfaate: kanggo nenandur), Kala-tinantang (watake: gede napsune, manfaate: kanggo adeging pawon).

• Sabtu Legi
Uwas (Ringkel Mina, tegese: apesing iwak loh, watake: melikan, manfaate: gawe saya jaring jala, sirikane: aja ngingu iwak), Guru (iya iku Batara Guru, watake: nyenyoba nggenganjar lelemeran, manfaate: masang tetumbal), Nohan (tegese: rembulan, watake: welasan oleh ala, manfaate: adagang ana ing dalan), Lakuning Rembulan (bayi lair watake: bangkit marang sabarang penggawean, lan sadelo bae bisa mukti, yen winuruk gelis bisa, linulutan marang wong, jembar budine, nanging sungkanan lan ora sugih), Bumi-kapetak (watake: kukuh nanging resikan atine, prayoga kudu taberi ing gawe sarta betah luwe, yen kesed sarta ora betah luwe iku dadi kamlaratane, sebab uriping bumi iku kalawan ingupakara, dene uriping badan kudu taberi sabarang, manfaate: kanggo adeging cagak lan kanggo gawe jumbleng), Mantri-sinaroja (watake: ora kekurangan sandang pangan, yen angaota pakoleh, lan sugih anak, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging omah mburi).

Senin, 08 Agustus 2016

"WUKU KURANTIL PAWUKON JAWA" Watak, Paringkelan, Padewan, Padangon, Paarasan, Pancasuda, Kamarrokam, Sengkan-turunan, Waler-sangker.

GAMBAR WUKU KURANTIL PAWUKON JAWA
4. WUKU KURANTIL

Dewane Batara Langsur, bisa amrih tyasing liyan, narima satitah, ora duwe kanepson, nanging puguh budine. Amandi Umbul-umbul, ing tembe ana bejane, Kayune ingas, ora kena diaubi, amarga saka panasten. Gedonge gumuling ana ngarep, ler weh ora bisa sesimpen. Manuke Salinditan, satibane kangelan, tansah oleh gawe, tur dikasihi marang wong agung. Angiwakne banyu jembangan, sabarang karepe rada ngiwa. Sengkala-bilahine : tiba amemenek. Tulak-slametane : tumpeng dang-dangan beras sapitrah, iwak pitik sawayahe, dipecel, salawate pitung keteng, dongane Rajukna. Candrane : Wowohan pala gumantung, watake miturut masakalane, nuli sugih nuli mlarat. Lambange : Dandang angurag, tegese bilahi kapitenah ing wong agung. Murih rahayu slamet, pangruwate sarana sesaji nanas sakuncunge pitung iji, lan ares-aresan, tindihe pitung picis. Banjur kasidekahake.
Jabung Kala Wuku Jaya Bumi ana Ngisor, pitung dina aja mudun gunung, lan aja duduk-duduk. Kala mendem.

• Ahad Pon
Paningron (Ringkel Manuk, tegese: apesing manuk, watake: takabur, manfaate: memikat lan mbedil, sirikane: aja gawe kurungan manuk), Brama (iya iku Batara Brama, watake: panas-baranan ora sarantan, manfaate: babad alas nggaru maluku sawah), Dangu (tegese: watu, watake: meneng bae, manfaate: gawe tugu tutup lan wewadah), Aras Kembang Lakuning Jejodon (bayi lair watake: ora dremen anak, nanging akeh sanake lan linulutan marang wong lanang wadon, gampang lamun nggraita lan nggaota, samono iku lamun omah-omah / laki-rabi), Bumi-kapetak (watake: kukuh nanging resikan atine, prayoga kudu taberi ing gawe sarta betah luwe, yen kesed sarta ora betah luwe iku dadi kamlaratane, sebab uriping bumi iku kalawan ingupakara, dene uriping badan kudu taberi sabarang, manfaate: kanggo adeging cagak lan kanggo gawe jumbleng), Nuju-padu (watake: kerep pasulayan, manfaate: kanggo ageging pawon), Sapi Gumarang Sumengka (watake: demen kajen kinaweden, aja nandur pari jagung, kena ing ama ketek walang).

• Senen Wage
Uwas (Ringkel Mina, tegese: apesing iwak loh, watake: melikan, manfaate: gawe saya jaring jala, sirikane: aja ngingu iwak), Kala (iya iku Batara Kala, watake: candala ing budi, murka goroh lan ngamandaka, manfaate: gawe pepacak), Jagur (tegese: macan, watake: luwes rosa srei, manfaate: gawe pager lan lawanging regol), Lakuning Geni (bayi lair watake: panas baranan mbangun perang, panasten drengki akeh kang pinaragut, yen wong wadon sok manggung gawe bilahi), Wasesa-sagara (watake: sugih ngapura, tur jembar budine, bisa momot ujar kang ala lan ujar kang becik, tur gede prabawane. manfaate: kanggo nenandur), Sanggar-waringin (watake: padang atine, lan karem marang ilmu, bisa ngayomi kulawangsane, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging masjid utawa pamelengan).

• Selasa Kliwon
Mawulu (Ringkel wiji, tegese: apesing wiji, watake: kari roga, utawa nandang lara, manfaate: anggaru malukuwa sawah, sirikane: aja nibakake wiji), Uma (iya iku Batari Uma , watake: welas marang ing kasusahan lan jail ing ati, manfaate: gawe pager lan wates), Gigis (tegese: bumi, watake: rosa lan amot, manfaate: nenandur lan potang), Aras Tuding Lakuning Setan (bayi lair watake: wani ngambah ing wengi, kendel, lan yen duwe dandanan / sandangan kudu diedol bae, calimut melik marang duweking tangga), Sumur-sinaba (watake: ing saenggon-enggone kudu dadi pangungsening kawigyan, manfaate: kanggo gae sumur), Nuju-pati (watake: kerep katiwasan, manfaate: kanggo gawe pager bumi lan gawe jabung), Anggara Kasih (yaiku dina Selasa kliwon dina kang wigati, angker, awit diyakini nduweni daya kaluwihan tinimbang dina-dina liyane), kawite masa-wuku Kalima utawa Desta.

• Rebo Legi
Tungle (Ringkel Godong, tegese: apesing godong, watake: saguh nanging kumbi, manfaate: mirangake, sirikane: aja nandur kang pinurih godonge), Sri (iya iku Batari Sri, watake: asih lan welasan, manfaate: nandur pari lan tirisan), Kerangan (tegese: srengenge, watake: nastiti lan ajeg, manfaate: njenengake priyayi), Aras Kembang Lakuning Jejodon (bayi lair watake: ora dremen anak, nanging akeh sanake lan linulutan marang wong lanang wadon, gampang lamun nggraita lan nggaota, samono iku lamun omah-omah / laki-rabi), Sumur-sinaba (watake: ing saenggon-enggone kudu dadi pangungsening kawigyan, manfaate: kanggo gae sumur), Kala-tinantang (watake: gede napsune, manfaate: kanggo adeging pawon), Sarik Agung (Dino angker kalebu dina ala kang disiriki kanggo sakabehe kaperluan kang wigati).

• Kemis Paing
Aryang (Ringkel Jalma, tegese: apesing wong, watake: sugih lalen, manfaate: gawe upas lan racun, sirikane: aja nenandur, nikahan, ngadegne omah), Indra (iya iku Batara Indra, watake: nastiti lan angkuh, manfaate: ngaji sabarang kawruh), Nohan (tegese: rembulan, watake: welasan oleh ala, manfaate: adagang ana ing dalan), Lakuning Bumi (bayi lair watake: yen nggaota sok niwasi, andap asor pangucape, yen tutur sok wurung, sok ngekul sepadaning wong, mula ora duwe sanak, nanging kandane yekti nyata), Lebu-katiyup-angin (watake: mlaratan, ora jenakan, kerep alihan, siyal sandang pangane, ora dadi sabarang karepe, demen ngumbara pikirane. manfaate: menyang alas mbeburu), Mantri-sinaroja (watake: ora kekurangan sandang pangan, yen angaota pakoleh, lan sugih anak, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging omah mburi).

• Jum'at Pon
Wurukung (Ringkel Sato, tegese: apesing sato, watake: lena, manfaate: mbeburu, sirikane: aja babad alas), Guru (iya iku Batara Guru, watake: nyenyoba nggenganjar lelemeran, manfaate: masang tetumbal), Wogan (tegese: uler, watake: mugen lan antepan, manfaate: gawe praboting prang), Lakuning Lintang (bayi lair watake: meneng lembah manah, nanging ora duwe sadulur, ora duwe napsu lan betah melek lamun bengi, tinakdir bia dagang lan bisa adol basane, yen duwe karep ora kena dipalangi), Lebu-katiyup-angin (watake: mlaratan, ora jenakan, kerep alihan, siyal sandang pangane, ora dadi sabarang karepe, demen ngumbara pikirane. manfaate: menyang alas mbeburu), Macan-katawan (watake: keringan, manfaate: kanggo adeging pandapa lan regol).

• Sabtu Wage
Paningron (Ringkel Manuk, tegese: apesing manuk, watake: takabur, manfaate: memikat lan mbedil, sirikane: aja gawe kurungan manuk), Yama (iya iku Batara Yamadipati, watake: agung maklume lan banget ing lumuhe, manfaate: adagang), Tulus (tegese: banyu, watake: akeh karepe lan lembut ing pangarah, manfaate: anderes, gawe sumur lan wangan), Lakuning Lintang (bayi lair watake: meneng lembah manah, nanging ora duwe sadulur, ora duwe napsu lan betah melek lamun bengi, tinakdir bia dagang lan bisa adol basane, yen duwe karep ora kena dipalangi), Satriya-wirang (watake: ing saenggon-enggone kudu kerep kalingseman, senadyan sumedya mikir marang kautaman, dumadakan kesandung, temah kerep nandang wirang, manfaate: kanggo nyekel wong ala), Nuju-padu (watake: kerep pasulayan, manfaate: kanggo ageging pawon), Celeng Tembalung tumurun ing latar (watake: demen laku salib, amrih bilahining wong, manfaate: awita ngaji pasirepan sabarang).

"WUKU WUKIR PAWUKON JAWA" Watak, Paringkelan, Padewan, Padangon, Paarasan, Pancasuda, Kamarrokam, Sengkan-turunan, Waler-sangker.

GAMBAR WUKU WUKIR PAWUKON JAWA
3. WUKU WUKIR

Dewane Batara Mahayekti, watake ora kena tinangguh, pradah ber boyakramane. Sukune mancik ing gunung, saenggon-enggone bisa angereh. Ngadep Banyu jembangan, andap asor budine. Umbul-umbule ana ngarep, ing tembe ana kamuktene. Kayune Nagasari, bagus warnane, mungguh janma arum wicarane, kanggep pangawulane. Manuke manjar, ora kena kaungkulan sapepadane, bangkit sabarang karja. Gedonge ana ngarep, ngatokake dunyane, paradah nanging ora sarju. Sengkala bilahine : kinaniaya. Tulak-slamete : sega wuduk dang-dangan beras sapitrah, iwak pitik putih sawayahe, linembarang, lan kuluban warna lima, salawate patang keteng, dongane rajukna. Candrane : Gunung asri katon saka ing kadoan, watake yen sinawang saka ing kadohan atine katon becik, mung yen cinedakan katon ala sungil lan angel bebudene, gampang ing jaba ing jero pakewuh, nanging pradah pangan, tur rila ing lair batin, lan pinter marang kagunan kasusastran. Lambange : Sato wana lesu, tegese : saben tahun bilahi kasusahan. Murih rahayu slamet, pangruwate sarana sesaji krambil satabone patang gluntung, lan ares-aresan, tindihe limang picis. Banjur kasidekahake.
Jabung Kala Wuku Jaya Bumi ana Kldul-wetan, pitung dina aja marani enggoning jabung.

• Ahad Legi
Wurukung (Ringkel Sato, tegese: apesing sato, watake: lena, manfaate: mbeburu, sirikane: aja babad alas), Kala (iya iku Batara Kala, watake: candala ing budi, murka goroh lan ngamandaka, manfaate: gawe pepacak), Gigis (tegese: bumi, watake: rosa lan amot, manfaate: nenandur lan potang), Aras Pepet Lakuning Pandita Sakti (bayi lair watake: meneng anggitan, yen winuruk nuli bisa, jero napsune, sok kena tinakonan, bisa marang padukunan, pamuwuse sok umuk, wong iku misuwuring jenenge lantaran sastra), Sumur-sinaba (watake: ing saenggon-enggone kudu dadi pangungsening kawigyan, manfaate: kanggo gae sumur), Macan-katawan (watake: keringan, manfaate: kanggo adeging pandapa lan regol), Sri Gati sumengka (watake: demen ngundamana pawewehe).

• Senen Paing
Paningron (Ringkel Manuk, tegese: apesing manuk, watake: takabur, manfaate: memikat lan mbedil, sirikane: aja gawe kurungan manuk), Uma (iya iku Batari Uma , watake: welas marang ing kasusahan lan jail ing ati, manfaate: gawe pager lan wates), Kerangan (tegese: srengenge, watake: nastiti lan ajeg, manfaate: njenengake priyayi), Lakuning Lintang (bayi lair watake: meneng lembah manah, nanging ora duwe sadulur, ora duwe napsu lan betah melek lamun bengi, tinakdir bia dagang lan bisa adol basane, yen duwe karep ora kena dipalangi), Bumi-kapetak (watake: kukuh nanging resikan atine, prayoga kudu taberi ing gawe sarta betah luwe, yen kesed sarta ora betah luwe iku dadi kamlaratane, sebab uriping bumi iku kalawan ingupakara, dene uriping badan kudu taberi sabarang, manfaate: kanggo adeging cagak lan kanggo gawe jumbleng), Nuju-padu (watake: kerep pasulayan, manfaate: kanggo ageging pawon).

• Selasa Pon
Uwas (Ringkel Mina, tegese: apesing iwak loh, watake: melikan, manfaate: gawe saya jaring jala, sirikane: aja ngingu iwak), Sri (iya iku Batari Sri, watake: asih lan welasan, manfaate: nandur pari lan tirisan), Nohan (tegese: rembulan, watake: welasan oleh ala, manfaate: adagang ana ing dalan), Aras Pepet Lakuning Pandita Sakti (bayi lair watake: meneng anggitan, yen winuruk nuli bisa, jero napsune, sok kena tinakonan, bisa marang padukunan, pamuwuse sok umuk, wong iku misuwuring jenenge lantaran sastra), Satria-wibawa (watake: ana ing ngendi panggonan kudu oleh kawibawan lan kaluhuran, manfaate: kanggo adeging omah, lan kanggo nikahan), Sanggar-waringin (watake: padang atine, lan karem marang ilmu, bisa ngayomi kulawangsane, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging masjid utawa pamelengan).

• Rebo Wage
Mawulu (Ringkel wiji, tegese: apesing wiji, watake: kari roga, utawa nandang lara, manfaate: anggaru malukuwa sawah, sirikane: aja nibakake wiji), Indra (iya iku Batara Indra, watake: nastiti lan angkuh, manfaate: ngaji sabarang kawruh), Wogan (tegese: uler, watake: mugen lan antepan, manfaate: gawe praboting prang), Aras Tuding Lakuning Setan (bayi lair watake: wani ngambah ing wengi, kendel, lan yen duwe dandanan / sandangan kudu diedol bae, calimut melik marang duweking tangga), Satria-wibawa (watake: ana ing ngendi panggonan kudu oleh kawibawan lan kaluhuran, manfaate: kanggo adeging omah, lan kanggo nikahan), Macan-katawan (watake: keringan, manfaate: kanggo adeging pandapa lan regol).

• Kemis Kliwon
Tungle (Ringkel Godong, tegese: apesing godong, watake: saguh nanging kumbi, manfaate: mirangake, sirikane: aja nandur kang pinurih godonge), Guru (iya iku Batara Guru, watake: nyenyoba nggenganjar lelemeran, manfaate: masang tetumbal), Tulus (tegese: banyu, watake: akeh karepe lan lembut ing pangarah, manfaate: anderes, gawe sumur lan wangan), Lakuning Banyu (bayi lair watake: ing tembe bocah iku sok parentah marang sepadaning wong, keras budine lan padune, ora gelem yen kurang mangan, jembar polatane, yen omah-omah / rabi-laki manggung tukaran, samono iku lamun ora jodo), Bumi-kapetak (watake: kukuh nanging resikan atine, prayoga kudu taberi ing gawe sarta betah luwe, yen kesed sarta ora betah luwe iku dadi kamlaratane, sebab uriping bumi iku kalawan ingupakara, dene uriping badan kudu taberi sabarang, manfaate: kanggo adeging cagak lan kanggo gawe jumbleng), Kala-tinantang (watake: gede napsune, manfaate: kanggo adeging pawon).

• Jum'at Legi
Aryang (Ringkel Jalma, tegese: apesing wong, watake: sugih lalen, manfaate: gawe upas lan racun, sirikane: aja nenandur, nikahan, ngadegne omah), Yama (iya iku Batara Yamadipati, watake: agung maklume lan banget ing lumuhe, manfaate: adagang), Wurung (tegese: geni, watake: panas-baranan, manfaate: babad alas, nggaru lan maluku sawah), Aras Tuding Lakuning Setan (bayi lair watake: wani ngambah ing wengi, kendel, lan yen duwe dandanan / sandangan kudu diedol bae, calimut melik marang duweking tangga), Satriya-wirang (watake: ing saenggon-enggone kudu kerep kalingseman, senadyan sumedya mikir marang kautaman, dumadakan kesandung, temah kerep nandang wirang, manfaate: kanggo nyekel wong ala), Sanggar-waringin (watake: padang atine, lan karem marang ilmu, bisa ngayomi kulawangsane, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging masjid utawa pamelengan).

• Sabtu Paing
Wurukung (Ringkel Sato, tegese: apesing sato, watake: lena, manfaate: mbeburu, sirikane: aja babad alas), Rudra (iya iku Batara Rudra, watake: berbudi lal boja karma, manfaate: anderes gawe sumur lan wangan), Dadi (tegese: kayu, watake: lumuh kaungkulan, manfaate: nandur kitri agung), Lakuning Geni (bayi lair watake: panas-baranan, ketuhe ngleliwati, calatune ukur menga bae, ora nyawang marang polataning wong, juwet guyune, yen napsu ora lana, padune wong jireh), Satria-wibawa (watake: ana ing ngendi panggonan kudu oleh kawibawan lan kaluhuran, manfaate: kanggo adeging omah, lan kanggo nikahan), Macan-katawan (watake: keringan, manfaate: kanggo adeging pandapa lan regol), Asu Ajag Tumurun ing Pawon (watake: demen ngaget-ageti, amrih kinaweden saujare, manfaate: awita gawe gamelan).

Minggu, 07 Agustus 2016

"WUKU LANDEP PAWUKON JAWA" Watak, Paringkelan, Padewan, Padangon, Paarasan, Pancasuda, Kamarrokam, Sengkan-turunan, Waler-sangker.

Gambar Wuku Landep Pawukon Jawa
2. WUKU LANDEP

Dewane Batara Mahadewa, bagus warnane tur ayu garwane, dreman anak, padang tyase, demen samadi. Sukune kang buri kakobok ing banyu, parentahe panas ngarep adem buri. Kayune Kandayakan, dadi pangaubahing wong lara sangsara lan wong minggat. Manuke Atat-kembang, dadi ingon-ingone wong agung, wredine yen ngawula ganggep. Gedonge ana ngarep, ngatokake kasugihane, paradah nanging ora sarju, gede budine akeh bejane. Sangkala-bilahine : karubuhan kayu. Tulak-slametane : tumpeng dang-dangan beras sapitrah, iwak menjangan kinalak ginecok bakar, salawate patang keteng, dongane Kabula. Candrane : Surat-sirating raditya, watake padang atine, tur elingan sabarang, bisa sabarang gawe, lan bisa madangake atining liyan. Lambange : Mina pringga pejah, tegese : bilahi kurang panarima. Murih rahayu slamet, pangruwate sarana sesaji maja telung puluh iji, lan ares-aresan, tindihe patang picis. Banjur kasidekahake.
Jabung Kala Wuku Jaya Bumi ana Kulon, pitung dina aja marani enggoning jabung.

• Ahad Wage
Aryang (Ringkel Jalma, tegese: apesing wong, watake: sugih lalen, manfaate: gawe upas lan racun, sirikane: aja nenandur, nikahan, ngadegne omah), Uma (iya iku Batari Uma , watake: welas marang ing kasusahan lan jail ing ati, manfaate: gawe pager lan wates), Nohan (tegese: rembulan, watake: welasan oleh ala, manfaate: adagang ana ing dalan), Aras Peksi Lakuning Angin (bayi lair watake: meneng mandita, yen omah-omah / abale-omah tansah alihan padunungan, demen ginunggung, nanging yen duwe japa ora mandi, mulane tansah taranjalan ora jenjem budine), Satria-wibawa (watake: ana ing ngendi panggonan kudu oleh kawibawan lan kaluhuran, manfaate: kanggo adeging omah, lan kanggo nikahan), Kala-tinantang (watake: gede napsune, manfaate: kanggo adeging pawon).

• Senen Kliwon
Wurukung (Ringkel Sato, tegese: apesing sato, watake: lena, manfaate: mbeburu, sirikane: aja babad alas), Sri (iya iku Batari Sri, watake: asih lan welasan, manfaate: nandur pari lan tirisan), Wogan (tegese: uler, watake: mugen lan antepan, manfaate: gawe praboting prang), Aras Kembang Lakuning Jejodon (bayi lair watake: ora dremen anak, nanging akeh sanake lan linulutan marang wong lanang wadon, gampang lamun nggraita lan nggaota, samono iku lamun omah-omah / laki-rabi), Satriya-wirang (watake: ing saenggon-enggone kudu kerep kalingseman, senadyan sumedya mikir marang kautaman, dumadakan kesandung, temah kerep nandang wirang, manfaate: kanggo nyekel wong ala), Macan-katawan (watake: keringan, manfaate: kanggo adeging pandapa lan regol).

• Selasa Legi
Paningron (Ringkel Manuk, tegese: apesing manuk, watake: takabur, manfaate: memikat lan mbedil, sirikane: aja gawe kurungan manuk), Indra (iya iku Batara Indra, watake: nastiti lan angkuh, manfaate: ngaji sabarang kawruh), Tulus (tegese: banyu, watake: akeh karepe lan lembut ing pangarah, manfaate: anderes, gawe sumur lan wangan), Lakuning Geni (bayi lair watake: panas baranan mbangun perang, panasten drengki akeh kang pinaragut, yen wong wadon sok manggung gawe bilahi), Wasesa-sagara (watake: sugih ngapura, tur jembar budine, bisa momot ujar kang ala lan ujar kang becik, tur gede prabawane. manfaate: kanggo nenandur), Nuju-padu (watake: kerep pasulayan, manfaate: kanggo ageging pawon).

• Rebo Paing
Uwas (Ringkel Mina, tegese: apesing iwak loh, watake: melikan, manfaate: gawe saya jaring jala, sirikane: aja ngingu iwak), Guru (iya iku Batara Guru, watake: nyenyoba nggenganjar lelemeran, manfaate: masang tetumbal), Wurung (tegese: geni, watake: panas-baranan, manfaate: babad alas, nggaru lan maluku sawah), Lakuning Banyu (bayi lair watake: ing tembe bocah iku sok parentah marang sepadaning wong, keras budine lan padune, ora gelem yen kurang mangan, jembar polatane, yen omah-omah / rabi-laki manggung tukaran, samono iku lamun ora jodo), Wasesa-sagara (watake: sugih ngapura, tur jembar budine, bisa momot ujar kang ala lan ujar kang becik, tur gede prabawane. manfaate: kanggo nenandur), Sanggar-waringin (watake: padang atine, lan karem marang ilmu, bisa ngayomi kulawangsane, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging masjid utawa pamelengan), Tali Wangke (yaiku dina kalebu dina kang ala lan disingkiri, sirikane: aja ngudunake kewan ingon-ingon kang asikil papat, aja mantu gawe omah lan sakpanunggalane kaperluan kang wigati, waler-sangkere menawa apes, manfaate: gawea sabarang kang bangsa tetali, sarta nindakake sabarang pratingkah kang bangsa nenali).

• Kemis Pon
Mawulu (Ringkel wiji, tegese: apesing wiji, watake: kari roga, utawa nandang lara, manfaate: anggaru malukuwa sawah, sirikane: aja nibakake wiji), Yama (iya iku Batara Yamadipati, watake: agung maklume lan banget ing lumuhe, manfaate: adagang), Dadi (tegese: kayu, watake: lumuh kaungkulan, manfaate: nandur kitri agung), Lakuning Srengenge (bayi lair watake: manis pamicarane lan akeh maklume, nanging asor yen aduwe padu, samubarang tansah kacipta, yen memangan ora kena ingaweran, iku kalebu cacat), Satriya-wirang (watake: ing saenggon-enggone kudu kerep kalingseman, senadyan sumedya mikir marang kautaman, dumadakan kesandung, temah kerep nandang wirang, manfaate: kanggo nyekel wong ala), Macan-katawan (watake: keringan, manfaate: kanggo adeging pandapa lan regol).

• Jum'at WageTungle (Ringkel Godong, tegese: apesing godong, watake: saguh nanging kumbi, manfaate: mirangake, sirikane: aja nandur kang pinurih godonge), Rudra (iya iku Batara Rudra, watake: berbudi lal boja karma, manfaate: anderes gawe sumur lan wangan), Dangu (tegese: watu, watake: meneng bae, manfaate: gawe tugu tutup lan wewadah), Aras Pepet Lakuning Pandita Sakti (bayi lair watake: meneng anggitan, yen winuruk nuli bisa, jero napsune, sok kena tinakonan, bisa marang padukunan, pamuwuse sok umuk, wong iku misuwuring jenenge lantaran sastra), Sumur-sinaba (watake: ing saenggon-enggone kudu dadi pangungsening kawigyan, manfaate: kanggo gae sumur), Nuju-pati (watake: kerep katiwasan, manfaate: kanggo gawe pager bumi lan gawe jabung), Celeng Tembalung sumengka (watake: demen anggelani atining wong, aja nenendur, kena ing ama tikus celeng).

• Sabtu Kliwon
Aryang (Ringkel Jalma, tegese: apesing wong, watake: sugih lalen, manfaate: gawe upas lan racun, sirikane: aja nenandur, nikahan, ngadegne omah), Brama (iya iku Batara Brama, watake: panas-baranan ora sarantan, manfaate: babad alas nggaru maluku sawah), Jagur (tegese: macan, watake: luwes rosa srei, manfaate: gawe pager lan lawanging regol), Lakuning Bumi (bayi lair watake: yen nggaota sok niwasi, andap asor pangucape, yen tutur sok wurung, sok ngekul sepadaning wong, mula ora duwe sanak, nanging kandane yekti nyata), Tunggak-semi (watake: ora pegat rejekine, sanadyan pinapas, meksa isih kudu tukul, manfaate: kanggo kepyakan priyayi), Sanggar-waringin (watake: padang atine, lan karem marang ilmu, bisa ngayomi kulawangsane, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging masjid utawa pamelengan), Kutila Pas tumurun ing Lesung (watake: durgama, manfaate: awita nglaras gamelan).

Sabtu, 06 Agustus 2016

"WUKU SINTA PAWUKON JAWA" Watak, Paringkelan, Dewa dina, Padangon, Paarasan, Pancasuda, Kamarrokam, Sengkan-turunan, Waler-sangker.

Gambar wuku sinta - pawukon
1. WUKU SINTA

Dewane Batara Yamadipati : watak but-arepan, gede kanepsone, ora sarantan, kerep katiwasan, lembut budine, cupet pangandel, enak wicarane. Mandi Umbul-umbul : ana kamuktene. Sukune kakobok ing banyu : parentahe panas ngarep adem buri. Kayune Kandayakan : dadi pangaubane wong lara sangsara lan wong minggat. Manuke Gagak : awet nom, kebat barang karja, weruh ing wangsit. Gedonge ana ing ngarep : ngatokake dunyane, paradah nanging ora sarju. Sengkala-bilahine : tengah tuwuh ora dreman. Tulak-slametane : sega pulen dang-dangan beras sapitrah, iwak kebo tukon salikur keteng tanpa nganyang diolah pindang, salawate patang keteng, dongane tulak-bilahi. Candrane : Indra janma nastapa, watake prihatinan lan gede piyangkuhe, tur mandita karem tapa ana ing gunung. Lambange : Patine wong awing, tegese : bilahi rada akeh laline. Murih rahayu slamet, pangruwate sarana sesaji gedang saba kang suluh satundun, lan ares-aresan (iya iku pala kependem, pala kesimpar lan pala gumantung, saliyaning dagingan lan wohing dami kinukus), tindihe salikur picis. Banjur kasidekahake.
Jabung Kala Wuku Jaya Bumi ana ing Lor-wetan, pitung dina aja marani enggoning Jabung.

• Ahad Paing :
Tungle (Ringkel Godong, tegese: apesing godong, watake: saguh nanging kumbi, manfaate: mirangake, sirikane: aja nandur kang pinurih godonge), Sri (iya iku Batari Sri, watake: asih lan welasan, manfaate: nandur pari lan tirisan), Dangu (tegese: watu, watake: meneng bae, manfaate: gawe tugu tutup lan wewadah), Lakuning Rembulan (bayi lair watake: bangkit marang sabarang penggawean, lan sadelo bae bisa mukti, yen winuruk gelis bisa, linulutan marang wong, jembar budine, nanging sungkanan lan ora sugih), Wasesa-sagara (watake: sugih ngapura, tur jembar budine, bisa momot ujar kang ala lan ujar kang becik, tur gede prabawane. manfaate: kanggo nenandur), Nuju-pati (watake: kerep katiwasan, manfaate: kanggo gawe pager bumi lan gawe jabung), Tangise Dewi Sinta

• Senen Pon :
Aryang (Ringkel Jalma, tegese: apesing wong, watake: sugih lalen, manfaate: gawe upas lan racun, sirikane: aja nenandur, nikahan, ngadegne omah), Indra (iya iku Batara Indra, watake: nastiti lan angkuh, manfaate: ngaji sabarang kawruh), Dangu (tegese: watu, watake: meneng bae, manfaate: gawe tugu tutup lan wewadah), Aras Tuding Lakuning Setan (bayi lair watake: wani ngambah ing wengi, kendel, lan yen duwe dandanan / sandangan kudu diedol bae, calimut melik marang duweking tangga), Sumur-sinaba (watake: ing saenggon-enggone kudu dadi pangungsening kawigyan, manfaate: kanggo gae sumur), Kala-tinantang (watake: gede napsune, manfaate: kanggo adeging pawon), Sampar Wangke (tegese: pinuju apesing wong, sirikane: aja mantu ngadekne omah beboyongan lsp. aja nunggal turu / sacumbana karo laki-rabine, waler-sangkere menawa nganti tumitis dadining bocah bakal apes, manfaate: kanggo ngadoni utawa gawe upas lan racun), Tangise Dewi Sinta

• Selasa Wage :
Wurukung (Ringkel Sato, tegese: apesing sato, watake: lena, manfaate: mbeburu, sirikane: aja babad alas), Guru (iya iku Batara Guru, watake: nyenyoba nggenganjar lelemeran, manfaate: masang tetumbal), Dangu (tegese: watu, watake: meneng bae, manfaate: gawe tugu tutup lan wewadah), Lakuning Bumi (bayi lair watake: amem meneng cugetan-aten, ora duwe sanak, tur ketul pikre wong iku, rada kanggonan tabiat demen sembranan karo wong wadon, yen wong wadon karo wong lanang), Lebu-katiyup-angin (watake: mlaratan, ora jenakan, kerep alihan, siyal sandang pangane, ora dadi sabarang karepe, demen ngumbara pikirane. manfaate: menyang alas mbeburu), Mantri-sinaroja (watake: ora kekurangan sandang pangan, yen angaota pakoleh, lan sugih anak, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging omah mburi), Tangise Dewi Sinta

• Rebo Kliwon :
Paningron (Ringkel Manuk, tegese: apesing manuk, watake: takabur, manfaate: memikat lan mbedil, sirikane: aja gawe kurungan manuk), Yama (iya iku Batara Yamadipati, watake: agung maklume lan banget ing lumuhe, manfaate: adagang), Dangu (tegese: watu, watake: meneng bae, manfaate: gawe tugu tutup lan wewadah), Lakuning Srengenge (bayi lair watake: manis pamicarane lan akeh maklume, nanging asor yen aduwe padu, samubarang tansah kacipta, yen memangan ora kena ingaweran, iku kalebu cacat), Lebu-katiyup-angin (watake: mlaratan, ora jenakan, kerep alihan, siyal sandang pangane, ora dadi sabarang karepe, demen ngumbara pikirane. manfaate: menyang alas mbeburu), Nuju-padu (watake: kerep pasulayan, manfaate: kanggo ageging pawon), Tangise Dewi Sinta

• Kemis Legi :
Uwas (Ringkel Mina, tegese: apesing iwak loh, watake: melikan, manfaate: gawe saya jaring jala, sirikane: aja ngingu iwak), Rudra (iya iku Batara Rudra, watake: berbudi lal boja karma, manfaate: anderes gawe sumur lan wangan), Jagur (tegese: macan, watake: luwes rosa srei, manfaate: gawe pager lan lawanging regol), Lakuning Lintang (bayi lair watake: meneng lembah manah, nanging ora duwe sadulur, ora duwe napsu lan betah melek lamun bengi, tinakdir bia dagang lan bisa adol basane, yen duwe karep ora kena dipalangi), Satria-wibawa (watake: ana ing ngendi panggonan kudu oleh kawibawan lan kaluhuran, manfaate: kanggo adeging omah, lan kanggo nikahan), Sanggar-waringin (watake: padang atine, lan karem marang ilmu, bisa ngayomi kulawangsane, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging masjid utawa pamelengan).

• Jum'at Paing :
Mawulu (Ringkel wiji, tegese: apesing wiji, watake: kari roga, utawa nandang lara, manfaate: anggaru malukuwa sawah, sirikane: aja nibakake wiji), Brama (iya iku Batara Brama, watake: panas-baranan ora sarantan, manfaate: babad alas nggaru maluku sawah), Gigis (tegese: bumi, watake: rosa lan amot, manfaate: nenandur lan potang), Lakuning Srengenge (bayi lair watake: manis pamicarane lan akeh maklume, nanging asor yen aduwe padu, samubarang tansah kacipta, yen memangan ora kena ingaweran, iku kalebu cacat), Tunggak-semi (watake: ora pegat rejekine, sanadyan pinapas, meksa isih kudu tukul, manfaate: kanggo kepyakan priyayi), Mantri-sinaroja (watake: ora kekurangan sandang pangan, yen angaota pakoleh, lan sugih anak, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging omah mburi), Asu Ajag Sumengka (watake: demen dierami ing wong, aja nandur pari bakal kena ing ama lodoh).

• Sabtu Pon :
Tungle (Ringkel Godong, tegese: apesing godong, watake: saguh nanging kumbi, manfaate: mirangake, sirikane: aja nandur kang pinurih godonge), Kala (iya iku Batara Kala, watake: candala ing budi, murka goroh lan ngamandaka, manfaate: gawe pepacak), Kerangan (tegese: srengenge, watake: nastiti lan ajeg, manfaate: njenengake priyayi), Lakuning Banyu (bayi lair watake: ing tembe bocah iku sok parentah marang sepadaning wong, keras budine lan padune, ora gelem yen kurang mangan, jembar polatane, yen omah-omah / rabi-laki manggung tukaran, samono iku lamun ora jodo), Wasesa-sagara (watake: sugih ngapura, tur jembar budine, bisa momot ujar kang ala lan ujar kang becik, tur gede prabawane. manfaate: kanggo nenandur), Nuju-pati (watake: kerep katiwasan, manfaate: kanggo gawe pager bumi lan gawe jabung), Sapi Gumarang Tumurun Ing Kandang (watake: demen angrusak kabecikan, manfaate: awita gawe omah padeksan).