Jumat, 16 September 2016

"WUKU KUNINGAN PAWUKON JAWA" Watak, Paringkelan, Padewan, Padangon, Paarasan, Pancasuda, Kamarrokam, Sengkan-turunan, Waler-sangker.



GAMBAR WUKU KUNINGAN PAWUKON JAWA
12. WUKU KUNINGAN

Dewane Batara Indra, andarbeni kaluwihan, enak wicarane, lan ambek kumingsun. Kayune Wijayakusuma, luwih adi ing warnane, nanging sumingkir ing parameyan, lan slamet pangalihane, watak angkuh nanging nastiti. Manuke Urang-urangan, sabarang kerja kebat terampil, cugetan aten tur isinan. Gedonge minep kawuri, watake kumet. Sengkala-bilahine: kaamuk. Tulak-slametane: sega punar dang-dangan beras sapitrah, iwak kebo rancapan, digoreng, salawate duwit anyar sawelas keteng, dongane Kabula. Candrane: Banyu garojogan, watake rame wicarane, lan akeh gorohing ati, yen tinunjel ora bisa. Lambange: Lata Parutul, tegese bilahi sebab saka tininggal ing abdi lan busana. Murih rahayu slamet, pangruwate sarana sesaji gedang emas satundun, lan ares-aresan, tindihe nem picis. Banjur kasidekahake.
Jabung Kala Wuku Jaya Bumi ana Kulon, pitung dina aja marani enggoning Jabung.

  • Ahad Wage
    Mawulu (Ringkel wiji, tegese: apesing wiji, watake: kari roga, utawa nandang lara, manfaate: anggaru malukuwa sawah, sirikane: aja nibakake wiji), Yama (iya iku Batara Yamadipati, watake: agung maklume lan banget ing lumuhe, manfaate: adagang), Gigis (tegese: bumi, watake: rosa lan amot, manfaate: nenandur lan potang), Aras Peksi Lakuning Angin (bayi lair watake: meneng mandita, yen omah-omah / abale-omah tansah alihan padunungan, demen ginunggung, nanging yen duwe japa ora mandi, mulane tansah taranjalan ora jenjem budine), Satria-wibawa (watake: ana ing ngendi panggonan kudu oleh kawibawan lan kaluhuran, manfaate: kanggo adeging omah, lan kanggo nikahan), Kala-tinantang (watake: gede napsune, manfaate: kanggo adeging pawon).

  • Senen Kliwon
    Tungle (Ringkel Godong, tegese: apesing godong, watake: saguh nanging kumbi, manfaate: mirangake, sirikane: aja nandur kang pinurih godonge), Rudra (iya iku Batara Rudra, watake: berbudi lal boja karma, manfaate: anderes gawe sumur lan wangan), Kerangan (tegese: srengenge, watake: nastiti lan ajeg, manfaate: njenengake priyayi), Aras Kembang Lakuning Jejodon (bayi lair watake: ora dremen anak, nanging akeh sanake lan linulutan marang wong lanang wadon, gampang lamun nggraita lan nggaota, samono iku lamun omah-omah / laki-rabi), Satriya-wirang (watake: ing saenggon-enggone kudu kerep kalingseman, senadyan sumedya mikir marang kautaman, dumadakan kesandung, temah kerep nandang wirang, manfaate: kanggo nyekel wong ala), Macan-katawan (watake: keringan, manfaate: kanggo adeging pandapa lan regol).

  • Selasa Legi
    Aryang (Ringkel Jalma, tegese: apesing wong, watake: sugih lalen, manfaate: gawe upas lan racun, sirikane: aja nenandur, nikahan, ngadegne omah), Brama (iya iku Batara Brama, watake: panas-baranan ora sarantan, manfaate: babad alas nggaru maluku sawah), Nohan (tegese: rembulan, watake: welasan oleh ala, manfaate: adagang ana ing dalan), Lakuning Geni (bayi lair watake: panas baranan mbangun perang, panasten drengki akeh kang pinaragut, yen wong wadon sok manggung gawe bilahi), Wasesa-sagara (watake: sugih ngapura, tur jembar budine, bisa momot ujar kang ala lan ujar kang becik, tur gede prabawane. manfaate: kanggo nenandur), Nuju-padu (watake: kerep pasulayan, manfaate: kanggo ageging pawon).

  • Rebo Paing
    Wurukung (Ringkel Sato, tegese: apesing sato, watake: lena, manfaate: mbeburu, sirikane: aja babad alas), Kala (iya iku Batara Kala, watake: candala ing budi, murka goroh lan ngamandaka, manfaate: gawe pepacak), Wogan (tegese: uler, watake: mugen lan antepan, manfaate: gawe praboting prang), Lakuning Banyu (bayi lair watake: ing tembe bocah iku sok parentah marang sepadaning wong, keras budine lan padune, ora gelem yen kurang mangan, jembar polatane, yen omah-omah / rabi-laki manggung tukaran, samono iku lamun ora jodo), Wasesa-sagara (watake: sugih ngapura, tur jembar budine, bisa momot ujar kang ala lan ujar kang becik, tur gede prabawane. manfaate: kanggo nenandur), Sanggar-waringin (watake: padang atine, lan karem marang ilmu, bisa ngayomi kulawangsane, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging masjid utawa pamelengan), Asu Ajag Tumurun ing Jogan (watake: demen ngaget-ageti, amrih kinaweden saujare, manfaate: awita gawe gamelan).

  • Kemis Pon
    Paningron (Ringkel Manuk, tegese: apesing manuk, watake: takabur, manfaate: memikat lan mbedil, sirikane: aja gawe kurungan manuk), Uma (iya iku Batari Uma , watake: welas marang ing kasusahan lan jail ing ati, manfaate: gawe pager lan wates), Tulus (tegese: banyu, watake: akeh karepe lan lembut ing pangarah, manfaate: anderes, gawe sumur lan wangan), Lakuning Srengenge (bayi lair watake: manis pamicarane lan akeh maklume, nanging asor yen aduwe padu, samubarang tansah kacipta, yen memangan ora kena ingaweran, iku kalebu cacat), Satriya-wirang (watake: ing saenggon-enggone kudu kerep kalingseman, senadyan sumedya mikir marang kautaman, dumadakan kesandung, temah kerep nandang wirang, manfaate: kanggo nyekel wong ala), Macan-katawan (watake: keringan, manfaate: kanggo adeging pandapa lan regol), Sapi Gumarang Sumengka (watake: demen kajen kinaweden, aja nandur pari jagung, kena ing ama ketek walang).

  • Jum'at Wage
    Uwas (Ringkel Mina, tegese: apesing iwak loh, watake: melikan, manfaate: gawe saya jaring jala, sirikane: aja ngingu iwak), Sri (iya iku Batari Sri, watake: asih lan welasan, manfaate: nandur pari lan tirisan), Wurung (tegese: geni, watake: panas-baranan, manfaate: babad alas, nggaru lan maluku sawah), Aras Pepet Lakuning Pandita Sakti (bayi lair watake: meneng anggitan, yen winuruk nuli bisa, jero napsune, sok kena tinakonan, bisa marang padukunan, pamuwuse sok umuk, wong iku misuwuring jenenge lantaran sastra), Sumur-sinaba (watake: ing saenggon-enggone kudu dadi pangungsening kawigyan, manfaate: kanggo gae sumur), Nuju-pati (watake: kerep katiwasan, manfaate: kanggo gawe pager bumi lan gawe jabung), Tali Wangke (yaiku dina kalebu dina kang ala lan disingkiri, sirikane: aja ngudunake kewan ingon-ingon kang asikil papat, aja mantu gawe omah lan sakpanunggalane kaperluan kang wigati, waler-sangkere menawa apes, manfaate: gawea sabarang kang bangsa tetali, sarta nindakake sabarang pratingkah kang bangsa nenali).

  • Sabtu Kliwon
    Mawulu (Ringkel wiji, tegese: apesing wiji, watake: kari roga, utawa nandang lara, manfaate: anggaru malukuwa sawah, sirikane: aja nibakake wiji), Indra (iya iku Batara Indra, watake: nastiti lan angkuh, manfaate: ngaji sabarang kawruh), Dadi (tegese: kayu, watake: lumuh kaungkulan, manfaate: nandur kitri agung), Lakuning Bumi (bayi lair watake: yen nggaota sok niwasi, andap asor pangucape, yen tutur sok wurung, sok ngekul sepadaning wong, mula ora duwe sanak, nanging kandane yekti nyata), Tunggak-semi (watake: ora pegat rejekine, sanadyan pinapas, meksa isih kudu tukul, manfaate: kanggo kepyakan priyayi), Sanggar-waringin (watake: padang atine, lan karem marang ilmu, bisa ngayomi kulawangsane, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging masjid utawa pamelengan).

1 komentar:

  1. "WUKU KUNINGAN PAWUKON JAWA" Watak, Paringkelan, Padewan, Padangon, Paarasan, Pancasuda, Kamarrokam, Sengkan-turunan, Waler-sangker.

    http;//alipz33.mywapblog.com/wuku-kuningan-pawukon-jawa.xhtml

    BalasHapus

Terimakasih atas kunjunganya!
Tolong berikan komentar, dan bagikan artikel ini melalui media sosial..