Rabu, 17 Agustus 2016

"WUKU JULUNGWANGI PAWUKON JAWA" Watak, Paringkelan, Padewan, Padangon, Paarasan, Pancasuda, Kamarrokam, Sengkan-turunan, Waler-sangker.



GAMBAR WUKU JULUNGWANGI PAWUKON JAWA
9. WUKU JULUNGWANGI

Dewane Batara Sambu, sabarang gandane ngambar, lire sabarang karepe durung kalakon wis kajuwara ing akeh. Kayune Cepaka, manis arum sawicarane kinasihan marang wong akeh. Manuke Kutilang, receh tur ginugu sabasane, kanggep pangawulane. Amandi Umbul-umbul, begjane aparek. Ngarepake banyu jembangan, paradah budine, lilan nanging kudu tiningalna pawewehe. Sengkala-bilahine: tinebak ing macan. Tulak-slametane: sega kebuli dang-dangan beras sapitrah, iwak pitik abang winor ing sega, salawate kucing, dongane Tulak-bilahi. Candrane: Kembang sumebar, wateke arum manis pamicarane, sarwa bisa ing sabarang gawe, lan bisa gawe memanis, ananging sajroning ati bosenan lan amrih dudu. Lambange: Banteng lumpuh, tegese bilahi sebab saka atine gede nanging ora kasembadan. Murih rahayu slamet, pangruwate sarana sesaji duren pitung gluntung, lan ares-aresan, tindihe arupa kucing. Banjur kasidekahake.
Jabung Kala Wuku Jaya Bumi ana Kidul-kulon, pitung dina aja marani enggoning Jabung.

  • Ahad Pon
    Wurukung (Ringkel Sato, tegese: apesing sato, watake: lena, manfaate: mbeburu, sirikane: aja babad alas), Sri (iya iku Batari Sri, watake: asih lan welasan, manfaate: nandur pari lan tirisan), Dangu (tegese: watu, watake: meneng bae, manfaate: gawe tugu tutup lan wewadah), Aras Kembang Lakuning Jejodon (bayi lair watake: ora dremen anak, nanging akeh sanake lan linulutan marang wong lanang wadon, gampang lamun nggraita lan nggaota, samono iku lamun omah-omah / laki-rabi), Bumi-kapetak (watake: kukuh nanging resikan atine, prayoga kudu taberi ing gawe sarta betah luwe, yen kesed sarta ora betah luwe iku dadi kamlaratane, sebab uriping bumi iku kalawan ingupakara, dene uriping badan kudu taberi sabarang, manfaate: kanggo adeging cagak lan kanggo gawe jumbleng), Nuju-padu (watake: kerep pasulayan, manfaate: kanggo ageging pawon).

  • Senen Wage
    Paningron (Ringkel Manuk, tegese: apesing manuk, watake: takabur, manfaate: memikat lan mbedil, sirikane: aja gawe kurungan manuk), Indra (iya iku Batara Indra, watake: nastiti lan angkuh, manfaate: ngaji sabarang kawruh), Dangu (tegese: watu, watake: meneng bae, manfaate: gawe tugu tutup lan wewadah), Lakuning Geni (bayi lair watake: panas baranan mbangun perang, panasten drengki akeh kang pinaragut, yen wong wadon sok manggung gawe bilahi), Wasesa-sagara (watake: sugih ngapura, tur jembar budine, bisa momot ujar kang ala lan ujar kang becik, tur gede prabawane. manfaate: kanggo nenandur), Sanggar-waringin (watake: padang atine, lan karem marang ilmu, bisa ngayomi kulawangsane, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging masjid utawa pamelengan), Celeng Tembalung tumurun ing Taman (watake: demen laku salib, amrih bilahining wong, manfaate: awita ngaji pasirepan sabarang).

  • Selasa Kliwon
    Uwas (Ringkel Mina, tegese: apesing iwak loh, watake: melikan, manfaate: gawe saya jaring jala, sirikane: aja ngingu iwak), Guru (iya iku Batara Guru, watake: nyenyoba nggenganjar lelemeran, manfaate: masang tetumbal), Jagur (tegese: macan, watake: luwes rosa srei, manfaate: gawe pager lan lawanging regol), Aras Tuding Lakuning Setan (bayi lair watake: wani ngambah ing wengi, kendel, lan yen duwe dandanan / sandangan kudu diedol bae, calimut melik marang duweking tangga), Sumur-sinaba (watake: ing saenggon-enggone kudu dadi pangungsening kawigyan, manfaate: kanggo gae sumur), Nuju-pati (watake: kerep katiwasan, manfaate: kanggo gawe pager bumi lan gawe jabung), Kutila Pas sumengka (watake: demen gawe lali luputing wong, aja nandur pari jagung, kena ing ama uler manuk), Anggara Kasih kawitane masa-wuku Kanem utawa Saddha (yaiku dina Selasa kliwon dina kang wigati, angker, awit diyakini nduweni daya kaluwihan tinimbang dina-dina liyane).

  • Rebo Legi
    Mawulu (Ringkel wiji, tegese: apesing wiji, watake: kari roga, utawa nandang lara, manfaate: anggaru malukuwa sawah, sirikane: aja nibakake wiji), Yama (iya iku Batara Yamadipati, watake: agung maklume lan banget ing lumuhe, manfaate: adagang), Gigis (tegese: bumi, watake: rosa lan amot, manfaate: nenandur lan potang), Aras Kembang Lakuning Jejodon (bayi lair watake: ora dremen anak, nanging akeh sanake lan linulutan marang wong lanang wadon, gampang lamun nggraita lan nggaota, samono iku lamun omah-omah / laki-rabi), Sumur-sinaba (watake: ing saenggon-enggone kudu dadi pangungsening kawigyan, manfaate: kanggo gae sumur), Kala-tinantang (watake: gede napsune, manfaate: kanggo adeging pawon), Sri Gati tumurun ing desa Medang wangi anjujug ing Paturon (watake: welasan, manfaate: gawea dagangan sabarang, nandura pari lan tirisan, kang panuju ringkel sato aja potang lan nyilihake manawa lebur).

  • Kemis Paing
    Tungle (Ringkel Godong, tegese: apesing godong, watake: saguh nanging kumbi, manfaate: mirangake, sirikane: aja nandur kang pinurih godonge), Rudra (iya iku Batara Rudra, watake: berbudi lal boja karma, manfaate: anderes gawe sumur lan wangan), Kerangan (tegese: srengenge, watake: nastiti lan ajeg, manfaate: njenengake priyayi), Lakuning Bumi (bayi lair watake: yen nggaota sok niwasi, andap asor pangucape, yen tutur sok wurung, sok ngekul sepadaning wong, mula ora duwe sanak, nanging kandane yekti nyata), Lebu-katiyup-angin (watake: mlaratan, ora jenakan, kerep alihan, siyal sandang pangane, ora dadi sabarang karepe, demen ngumbara pikirane. manfaate: menyang alas mbeburu), Mantri-sinaroja (watake: ora kekurangan sandang pangan, yen angaota pakoleh, lan sugih anak, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging omah mburi).

  • Jum'at Pon
    Aryang (Ringkel Jalma, tegese: apesing wong, watake: sugih lalen, manfaate: gawe upas lan racun, sirikane: aja nenandur, nikahan, ngadegne omah), Brama (iya iku Batara Brama, watake: panas-baranan ora sarantan, manfaate: babad alas nggaru maluku sawah), Nohan (tegese: rembulan, watake: welasan oleh ala, manfaate: adagang ana ing dalan), Lakuning Lintang (bayi lair watake: meneng lembah manah, nanging ora duwe sadulur, ora duwe napsu lan betah melek lamun bengi, tinakdir bia dagang lan bisa adol basane, yen duwe karep ora kena dipalangi), Lebu-katiyup-angin (watake: mlaratan, ora jenakan, kerep alihan, siyal sandang pangane, ora dadi sabarang karepe, demen ngumbara pikirane. manfaate: menyang alas mbeburu), Macan-katawan (watake: keringan, manfaate: kanggo adeging pandapa lan regol).

  • Sabtu Wage
    Wurukung (Ringkel Sato, tegese: apesing sato, watake: lena, manfaate: mbeburu, sirikane: aja babad alas), Kala (iya iku Batara Kala, watake: candala ing budi, murka goroh lan ngamandaka, manfaate: gawe pepacak), Wogan (tegese: uler, watake: mugen lan antepan, manfaate: gawe praboting prang), Lakuning Lintang (bayi lair watake: meneng lembah manah, nanging ora duwe sadulur, ora duwe napsu lan betah melek lamun bengi, tinakdir bia dagang lan bisa adol basane, yen duwe karep ora kena dipalangi), Satriya-wirang (watake: ing saenggon-enggone kudu kerep kalingseman, senadyan sumedya mikir marang kautaman, dumadakan kesandung, temah kerep nandang wirang, manfaate: kanggo nyekel wong ala), Nuju-padu (watake: kerep pasulayan, manfaate: kanggo ageging pawon).


3 komentar:

  1. "WUKU JULUNGWANGI PAWUKON JAWA" Watak, Paringkelan, Padewan, Padangon, Paarasan, Pancasuda, Kamarrokam, Sengkan-turunan, Waler-sangker.

    http://alipz33.mywapblog.com/wuku-julungwangi-pawukon-jawa.xhtml

    BalasHapus


  2. Sepertinya masyarakat sekarang sudah jarang yang menggunakannya.Kalaupun ada biasanya pakai Ramalan bintang zodiak atau hong sui.Tapi salut atas tulisan yang mengangkat budaya leluhur kita.

    BalasHapus
  3. @terasRumah,
    injih mas,,semua dserahkan saja sama yang diatas, kita hanya bisa berupaya

    BalasHapus

Terimakasih atas kunjunganya!
Tolong berikan komentar, dan bagikan artikel ini melalui media sosial..