Selasa, 09 Agustus 2016

"WUKU TOLU PAWUKON JAWA" Watak, Paringkelan, Padewan, Padangon, Paarasan, Pancasuda, Kamarrokam, Sengkan-turunan, Waler-sangker.



GAMBAR WUKU TOLU PAWUKON JAWA
5. WUKU TOLU

Dewane Batara Bayu, kukuh bakuh pambekane, mintir budine, lugu wicarane. Kayune Walikukun, kukuh wulet tur kagem prajurit, tatag budine. Manuke Branjangan, watak ora bisa saririh, kebat cukat yen ana gawe, lan betah melek ing bengi. Gedonge ana ngarep, ngatokake dunyane, paradah nanging ora sarju. Umbul-umbule kawuri, ing tembe ana kamuktene. Sengkala-bilahine : Kasungu utawa kasiung. Tulak-slametane : sega wuduk dang-dangan beras sapitrah, iwak pitik dilembarang, salawate telung keteng, dongane Kabula. Candrane : Wangkawa kaluwung, watake angkuh tur ambadidik, nanging ora langgeng, demen doracara suprandene akeh resep kang pada mulat. Lambange : Pasarehan sakehing wuku, tegese bilahi awit saka kakehan kang dipikir. Murih rahayu slamet pangruwate sarana sesaji semangka wutuhan pitung iji, lan ares-aresan, tindihe telung picis. Banjur kasidekahake.
Jabung Kala Wuku Jaya Bumi ana Lor-kulon, pitung dina aja marani enggoning jabung.

  • Ahad Kliwon
    Uwas (Ringkel Mina, tegese: apesing iwak loh, watake: melikan, manfaate: gawe saya jaring jala, sirikane: aja ngingu iwak), Rudra (iya iku Batara Rudra, watake: berbudi lal boja karma, manfaate: anderes gawe sumur lan wangan), Wurung (tegese: geni, watake: panas-baranan, manfaate: babad alas, nggaru lan maluku sawah), Lakuning Lintang (bayi lair watake: meneng lembah manah, nanging ora duwe sadulur, ora duwe napsu lan betah melek lamun bengi, tinakdir bia dagang lan bisa adol basane, yen duwe karep ora kena dipalangi), Lebu-katiyup-angin (watake: mlaratan, ora jenakan, kerep alihan, siyal sandang pangane, ora dadi sabarang karepe, demen ngumbara pikirane. manfaate: menyang alas mbeburu), Mantri-sinaroja (watake: ora kekurangan sandang pangan, yen angaota pakoleh, lan sugih anak, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging omah mburi), Kutila Pas sumengka (watake: demen gawe lali luputing wong, aja nandur pari jagung, kena ing ama uler manuk).

  • Senin Legi
    Mawulu (Ringkel wiji, tegese: apesing wiji, watake: kari roga, utawa nandang lara, manfaate: anggaru malukuwa sawah, sirikane: aja nibakake wiji), Brama (iya iku Batara Brama, watake: panas-baranan ora sarantan, manfaate: babad alas nggaru maluku sawah), Dadi (tegese: kayu, watake: lumuh kaungkulan, manfaate: nandur kitri agung), Aras Peksi Lakuning Angin (bayi lair watake: meneng mandita, yen omah-omah / abale-omah tansah alihan padunungan, demen ginunggung, nanging yen duwe japa ora mandi, mulane tansah taranjalan ora jenjem budine), Tunggak-semi (watake: ora pegat rejekine, sanadyan pinapas, meksa isih kudu tukul, manfaate: kanggo kepyakan priyayi), Nuju-pati (watake: kerep katiwasan, manfaate: kanggo gawe pager bumi lan gawe jabung), Sri Gati Nalika Tumurun ing desa Tulyan ajujug ing Pawon (watake: welasan, manfaate: gawea dagangan sabarang, nandura pari lan tirisan, kang panuju ringkel sato aja potang lan nyilihake manawa lebur).

  • Selasa Paing
    Tungle (Ringkel Godong, tegese: apesing godong, watake: saguh nanging kumbi, manfaate: mirangake, sirikane: aja nandur kang pinurih godonge), Kala (iya iku Batara Kala, watake: candala ing budi, murka goroh lan ngamandaka, manfaate: gawe pepacak), Dangu (tegese: watu, watake: meneng bae, manfaate: gawe tugu tutup lan wewadah), Aras Kembang Lakuning Jejodon (bayi lair watake: ora dremen anak, nanging akeh sanake lan linulutan marang wong lanang wadon, gampang lamun nggraita lan nggaota, samono iku lamun omah-omah / laki-rabi), Satriya-wirang (watake: ing saenggon-enggone kudu kerep kalingseman, senadyan sumedya mikir marang kautaman, dumadakan kesandung, temah kerep nandang wirang, manfaate: kanggo nyekel wong ala), Kala-tinantang (watake: gede napsune, manfaate: kanggo adeging pawon).

  • Rebo Pon
    Aryang (Ringkel Jalma, tegese: apesing wong, watake: sugih lalen, manfaate: gawe upas lan racun, sirikane: aja nenandur, nikahan, ngadegne omah), Uma (iya iku Batari Uma , watake: welas marang ing kasusahan lan jail ing ati, manfaate: gawe pager lan wates), Jagur (tegese: macan, watake: luwes rosa srei, manfaate: gawe pager lan lawanging regol), Lakuning Rembulan (bayi lair watake: bangkit marang sabarang penggawean, lan sadelo bae bisa mukti, yen winuruk gelis bisa, linulutan marang wong, jembar budine, nanging sungkanan lan ora sugih), Bumi-kapetak (watake: kukuh nanging resikan atine, prayoga kudu taberi ing gawe sarta betah luwe, yen kesed sarta ora betah luwe iku dadi kamlaratane, sebab uriping bumi iku kalawan ingupakara, dene uriping badan kudu taberi sabarang, manfaate: kanggo adeging cagak lan kanggo gawe jumbleng), Mantri-sinaroja (watake: ora kekurangan sandang pangan, yen angaota pakoleh, lan sugih anak, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging omah mburi).

  • Kemis Wage
    Wurukung (Ringkel Sato, tegese: apesing sato, watake: lena, manfaate: mbeburu, sirikane: aja babad alas), Sri (iya iku Batari Sri, watake: asih lan welasan, manfaate: nandur pari lan tirisan), Gigis (tegese: bumi, watake: rosa lan amot, manfaate: nenandur lan potang), Aras Kembang Lakuning Jejodon (bayi lair watake: ora dremen anak, nanging akeh sanake lan linulutan marang wong lanang wadon, gampang lamun nggraita lan nggaota, samono iku lamun omah-omah / laki-rabi), Tunggak-semi (watake: ora pegat rejekine, sanadyan pinapas, meksa isih kudu tukul, manfaate: kanggo kepyakan priyayi), Nuju-pati (watake: kerep katiwasan, manfaate: kanggo gawe pager bumi lan gawe jabung)

  • Jum'at Kliwon
    Paningron (Ringkel Manuk, tegese: apesing manuk, watake: takabur, manfaate: memikat lan mbedil, sirikane: aja gawe kurungan manuk), Indra (iya iku Batara Indra, watake: nastiti lan angkuh, manfaate: ngaji sabarang kawruh), Kerangan (tegese: srengenge, watake: nastiti lan ajeg, manfaate: njenengake priyayi), Lakuning Rembulan (bayi lair watake: bangkit marang sabarang penggawean, lan sadelo bae bisa mukti, yen winuruk gelis bisa, linulutan marang wong, jembar budine, nanging sungkanan lan ora sugih), Wasesa-sagara (watake: sugih ngapura, tur jembar budine, bisa momot ujar kang ala lan ujar kang becik, tur gede prabawane. manfaate: kanggo nenandur), Kala-tinantang (watake: gede napsune, manfaate: kanggo adeging pawon).

  • Sabtu Legi
    Uwas (Ringkel Mina, tegese: apesing iwak loh, watake: melikan, manfaate: gawe saya jaring jala, sirikane: aja ngingu iwak), Guru (iya iku Batara Guru, watake: nyenyoba nggenganjar lelemeran, manfaate: masang tetumbal), Nohan (tegese: rembulan, watake: welasan oleh ala, manfaate: adagang ana ing dalan), Lakuning Rembulan (bayi lair watake: bangkit marang sabarang penggawean, lan sadelo bae bisa mukti, yen winuruk gelis bisa, linulutan marang wong, jembar budine, nanging sungkanan lan ora sugih), Bumi-kapetak (watake: kukuh nanging resikan atine, prayoga kudu taberi ing gawe sarta betah luwe, yen kesed sarta ora betah luwe iku dadi kamlaratane, sebab uriping bumi iku kalawan ingupakara, dene uriping badan kudu taberi sabarang, manfaate: kanggo adeging cagak lan kanggo gawe jumbleng), Mantri-sinaroja (watake: ora kekurangan sandang pangan, yen angaota pakoleh, lan sugih anak, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging omah mburi).


1 komentar:

  1. "WUKU TOLU PAWUKON JAWA" Watak, Paringkelan, Padewan, Padangon, Paarasan, Pancasuda, Kamarrokam, Sengkan-turunan, Waler-sangker.

    http://alipz33.mywapblog.com/wuku-tolu-pawukon-jawa.xhtml

    BalasHapus

Terimakasih atas kunjunganya!
Tolong berikan komentar, dan bagikan artikel ini melalui media sosial..