Senin, 08 Agustus 2016

"WUKU WUKIR PAWUKON JAWA" Watak, Paringkelan, Padewan, Padangon, Paarasan, Pancasuda, Kamarrokam, Sengkan-turunan, Waler-sangker.



GAMBAR WUKU WUKIR PAWUKON JAWA
3. WUKU WUKIR

Dewane Batara Mahayekti, watake ora kena tinangguh, pradah ber boyakramane. Sukune mancik ing gunung, saenggon-enggone bisa angereh. Ngadep Banyu jembangan, andap asor budine. Umbul-umbule ana ngarep, ing tembe ana kamuktene. Kayune Nagasari, bagus warnane, mungguh janma arum wicarane, kanggep pangawulane. Manuke manjar, ora kena kaungkulan sapepadane, bangkit sabarang karja. Gedonge ana ngarep, ngatokake dunyane, paradah nanging ora sarju. Sengkala bilahine : kinaniaya. Tulak-slamete : sega wuduk dang-dangan beras sapitrah, iwak pitik putih sawayahe, linembarang, lan kuluban warna lima, salawate patang keteng, dongane rajukna. Candrane : Gunung asri katon saka ing kadoan, watake yen sinawang saka ing kadohan atine katon becik, mung yen cinedakan katon ala sungil lan angel bebudene, gampang ing jaba ing jero pakewuh, nanging pradah pangan, tur rila ing lair batin, lan pinter marang kagunan kasusastran. Lambange : Sato wana lesu, tegese : saben tahun bilahi kasusahan. Murih rahayu slamet, pangruwate sarana sesaji krambil satabone patang gluntung, lan ares-aresan, tindihe limang picis. Banjur kasidekahake.
Jabung Kala Wuku Jaya Bumi ana Kldul-wetan, pitung dina aja marani enggoning jabung.

  • Ahad Legi
    Wurukung (Ringkel Sato, tegese: apesing sato, watake: lena, manfaate: mbeburu, sirikane: aja babad alas), Kala (iya iku Batara Kala, watake: candala ing budi, murka goroh lan ngamandaka, manfaate: gawe pepacak), Gigis (tegese: bumi, watake: rosa lan amot, manfaate: nenandur lan potang), Aras Pepet Lakuning Pandita Sakti (bayi lair watake: meneng anggitan, yen winuruk nuli bisa, jero napsune, sok kena tinakonan, bisa marang padukunan, pamuwuse sok umuk, wong iku misuwuring jenenge lantaran sastra), Sumur-sinaba (watake: ing saenggon-enggone kudu dadi pangungsening kawigyan, manfaate: kanggo gae sumur), Macan-katawan (watake: keringan, manfaate: kanggo adeging pandapa lan regol), Sri Gati sumengka (watake: demen ngundamana pawewehe).

  • Senen Paing
    Paningron (Ringkel Manuk, tegese: apesing manuk, watake: takabur, manfaate: memikat lan mbedil, sirikane: aja gawe kurungan manuk), Uma (iya iku Batari Uma , watake: welas marang ing kasusahan lan jail ing ati, manfaate: gawe pager lan wates), Kerangan (tegese: srengenge, watake: nastiti lan ajeg, manfaate: njenengake priyayi), Lakuning Lintang (bayi lair watake: meneng lembah manah, nanging ora duwe sadulur, ora duwe napsu lan betah melek lamun bengi, tinakdir bia dagang lan bisa adol basane, yen duwe karep ora kena dipalangi), Bumi-kapetak (watake: kukuh nanging resikan atine, prayoga kudu taberi ing gawe sarta betah luwe, yen kesed sarta ora betah luwe iku dadi kamlaratane, sebab uriping bumi iku kalawan ingupakara, dene uriping badan kudu taberi sabarang, manfaate: kanggo adeging cagak lan kanggo gawe jumbleng), Nuju-padu (watake: kerep pasulayan, manfaate: kanggo ageging pawon).

  • Selasa Pon
    Uwas (Ringkel Mina, tegese: apesing iwak loh, watake: melikan, manfaate: gawe saya jaring jala, sirikane: aja ngingu iwak), Sri (iya iku Batari Sri, watake: asih lan welasan, manfaate: nandur pari lan tirisan), Nohan (tegese: rembulan, watake: welasan oleh ala, manfaate: adagang ana ing dalan), Aras Pepet Lakuning Pandita Sakti (bayi lair watake: meneng anggitan, yen winuruk nuli bisa, jero napsune, sok kena tinakonan, bisa marang padukunan, pamuwuse sok umuk, wong iku misuwuring jenenge lantaran sastra), Satria-wibawa (watake: ana ing ngendi panggonan kudu oleh kawibawan lan kaluhuran, manfaate: kanggo adeging omah, lan kanggo nikahan), Sanggar-waringin (watake: padang atine, lan karem marang ilmu, bisa ngayomi kulawangsane, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging masjid utawa pamelengan).

  • Rebo Wage
    Mawulu (Ringkel wiji, tegese: apesing wiji, watake: kari roga, utawa nandang lara, manfaate: anggaru malukuwa sawah, sirikane: aja nibakake wiji), Indra (iya iku Batara Indra, watake: nastiti lan angkuh, manfaate: ngaji sabarang kawruh), Wogan (tegese: uler, watake: mugen lan antepan, manfaate: gawe praboting prang), Aras Tuding Lakuning Setan (bayi lair watake: wani ngambah ing wengi, kendel, lan yen duwe dandanan / sandangan kudu diedol bae, calimut melik marang duweking tangga), Satria-wibawa (watake: ana ing ngendi panggonan kudu oleh kawibawan lan kaluhuran, manfaate: kanggo adeging omah, lan kanggo nikahan), Macan-katawan (watake: keringan, manfaate: kanggo adeging pandapa lan regol).

  • Kemis Kliwon
    Tungle (Ringkel Godong, tegese: apesing godong, watake: saguh nanging kumbi, manfaate: mirangake, sirikane: aja nandur kang pinurih godonge), Guru (iya iku Batara Guru, watake: nyenyoba nggenganjar lelemeran, manfaate: masang tetumbal), Tulus (tegese: banyu, watake: akeh karepe lan lembut ing pangarah, manfaate: anderes, gawe sumur lan wangan), Lakuning Banyu (bayi lair watake: ing tembe bocah iku sok parentah marang sepadaning wong, keras budine lan padune, ora gelem yen kurang mangan, jembar polatane, yen omah-omah / rabi-laki manggung tukaran, samono iku lamun ora jodo), Bumi-kapetak (watake: kukuh nanging resikan atine, prayoga kudu taberi ing gawe sarta betah luwe, yen kesed sarta ora betah luwe iku dadi kamlaratane, sebab uriping bumi iku kalawan ingupakara, dene uriping badan kudu taberi sabarang, manfaate: kanggo adeging cagak lan kanggo gawe jumbleng), Kala-tinantang (watake: gede napsune, manfaate: kanggo adeging pawon).

  • Jum'at Legi
    Aryang (Ringkel Jalma, tegese: apesing wong, watake: sugih lalen, manfaate: gawe upas lan racun, sirikane: aja nenandur, nikahan, ngadegne omah), Yama (iya iku Batara Yamadipati, watake: agung maklume lan banget ing lumuhe, manfaate: adagang), Wurung (tegese: geni, watake: panas-baranan, manfaate: babad alas, nggaru lan maluku sawah), Aras Tuding Lakuning Setan (bayi lair watake: wani ngambah ing wengi, kendel, lan yen duwe dandanan / sandangan kudu diedol bae, calimut melik marang duweking tangga), Satriya-wirang (watake: ing saenggon-enggone kudu kerep kalingseman, senadyan sumedya mikir marang kautaman, dumadakan kesandung, temah kerep nandang wirang, manfaate: kanggo nyekel wong ala), Sanggar-waringin (watake: padang atine, lan karem marang ilmu, bisa ngayomi kulawangsane, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging masjid utawa pamelengan).

  • Sabtu Paing
    Wurukung (Ringkel Sato, tegese: apesing sato, watake: lena, manfaate: mbeburu, sirikane: aja babad alas), Rudra (iya iku Batara Rudra, watake: berbudi lal boja karma, manfaate: anderes gawe sumur lan wangan), Dadi (tegese: kayu, watake: lumuh kaungkulan, manfaate: nandur kitri agung), Lakuning Geni (bayi lair watake: panas-baranan, ketuhe ngleliwati, calatune ukur menga bae, ora nyawang marang polataning wong, juwet guyune, yen napsu ora lana, padune wong jireh), Satria-wibawa (watake: ana ing ngendi panggonan kudu oleh kawibawan lan kaluhuran, manfaate: kanggo adeging omah, lan kanggo nikahan), Macan-katawan (watake: keringan, manfaate: kanggo adeging pandapa lan regol), Asu Ajag Tumurun ing Pawon (watake: demen ngaget-ageti, amrih kinaweden saujare, manfaate: awita gawe gamelan).


1 komentar:

  1. "WUKU WUKIR PAWUKON JAWA" Watak, Paringkelan, Padewan, Padangon, Paarasan, Pancasuda, Kamarrokam, Sengkan-turunan, Waler-sangker.

    http://alipz33.mywapblog.com/wuku-wukir-pawukon-jawa.xhtml

    BalasHapus

Terimakasih atas kunjunganya!
Tolong berikan komentar, dan bagikan artikel ini melalui media sosial..