Minggu, 07 Agustus 2016

"WUKU LANDEP PAWUKON JAWA" Watak, Paringkelan, Padewan, Padangon, Paarasan, Pancasuda, Kamarrokam, Sengkan-turunan, Waler-sangker.



Gambar Wuku Landep Pawukon Jawa
2. WUKU LANDEP

Dewane Batara Mahadewa, bagus warnane tur ayu garwane, dreman anak, padang tyase, demen samadi. Sukune kang buri kakobok ing banyu, parentahe panas ngarep adem buri. Kayune Kandayakan, dadi pangaubahing wong lara sangsara lan wong minggat. Manuke Atat-kembang, dadi ingon-ingone wong agung, wredine yen ngawula ganggep. Gedonge ana ngarep, ngatokake kasugihane, paradah nanging ora sarju, gede budine akeh bejane. Sangkala-bilahine : karubuhan kayu. Tulak-slametane : tumpeng dang-dangan beras sapitrah, iwak menjangan kinalak ginecok bakar, salawate patang keteng, dongane Kabula. Candrane : Surat-sirating raditya, watake padang atine, tur elingan sabarang, bisa sabarang gawe, lan bisa madangake atining liyan. Lambange : Mina pringga pejah, tegese : bilahi kurang panarima. Murih rahayu slamet, pangruwate sarana sesaji maja telung puluh iji, lan ares-aresan, tindihe patang picis. Banjur kasidekahake.
Jabung Kala Wuku Jaya Bumi ana Kulon, pitung dina aja marani enggoning jabung.

  • Ahad Wage
    Aryang (Ringkel Jalma, tegese: apesing wong, watake: sugih lalen, manfaate: gawe upas lan racun, sirikane: aja nenandur, nikahan, ngadegne omah), Uma (iya iku Batari Uma , watake: welas marang ing kasusahan lan jail ing ati, manfaate: gawe pager lan wates), Nohan (tegese: rembulan, watake: welasan oleh ala, manfaate: adagang ana ing dalan), Aras Peksi Lakuning Angin (bayi lair watake: meneng mandita, yen omah-omah / abale-omah tansah alihan padunungan, demen ginunggung, nanging yen duwe japa ora mandi, mulane tansah taranjalan ora jenjem budine), Satria-wibawa (watake: ana ing ngendi panggonan kudu oleh kawibawan lan kaluhuran, manfaate: kanggo adeging omah, lan kanggo nikahan), Kala-tinantang (watake: gede napsune, manfaate: kanggo adeging pawon).

  • Senen Kliwon
    Wurukung (Ringkel Sato, tegese: apesing sato, watake: lena, manfaate: mbeburu, sirikane: aja babad alas), Sri (iya iku Batari Sri, watake: asih lan welasan, manfaate: nandur pari lan tirisan), Wogan (tegese: uler, watake: mugen lan antepan, manfaate: gawe praboting prang), Aras Kembang Lakuning Jejodon (bayi lair watake: ora dremen anak, nanging akeh sanake lan linulutan marang wong lanang wadon, gampang lamun nggraita lan nggaota, samono iku lamun omah-omah / laki-rabi), Satriya-wirang (watake: ing saenggon-enggone kudu kerep kalingseman, senadyan sumedya mikir marang kautaman, dumadakan kesandung, temah kerep nandang wirang, manfaate: kanggo nyekel wong ala), Macan-katawan (watake: keringan, manfaate: kanggo adeging pandapa lan regol).

  • Selasa Legi
    Paningron (Ringkel Manuk, tegese: apesing manuk, watake: takabur, manfaate: memikat lan mbedil, sirikane: aja gawe kurungan manuk), Indra (iya iku Batara Indra, watake: nastiti lan angkuh, manfaate: ngaji sabarang kawruh), Tulus (tegese: banyu, watake: akeh karepe lan lembut ing pangarah, manfaate: anderes, gawe sumur lan wangan), Lakuning Geni (bayi lair watake: panas baranan mbangun perang, panasten drengki akeh kang pinaragut, yen wong wadon sok manggung gawe bilahi), Wasesa-sagara (watake: sugih ngapura, tur jembar budine, bisa momot ujar kang ala lan ujar kang becik, tur gede prabawane. manfaate: kanggo nenandur), Nuju-padu (watake: kerep pasulayan, manfaate: kanggo ageging pawon).

  • Rebo Paing
    Uwas (Ringkel Mina, tegese: apesing iwak loh, watake: melikan, manfaate: gawe saya jaring jala, sirikane: aja ngingu iwak), Guru (iya iku Batara Guru, watake: nyenyoba nggenganjar lelemeran, manfaate: masang tetumbal), Wurung (tegese: geni, watake: panas-baranan, manfaate: babad alas, nggaru lan maluku sawah), Lakuning Banyu (bayi lair watake: ing tembe bocah iku sok parentah marang sepadaning wong, keras budine lan padune, ora gelem yen kurang mangan, jembar polatane, yen omah-omah / rabi-laki manggung tukaran, samono iku lamun ora jodo), Wasesa-sagara (watake: sugih ngapura, tur jembar budine, bisa momot ujar kang ala lan ujar kang becik, tur gede prabawane. manfaate: kanggo nenandur), Sanggar-waringin (watake: padang atine, lan karem marang ilmu, bisa ngayomi kulawangsane, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging masjid utawa pamelengan), Tali Wangke (yaiku dina kalebu dina kang ala lan disingkiri, sirikane: aja ngudunake kewan ingon-ingon kang asikil papat, aja mantu gawe omah lan sakpanunggalane kaperluan kang wigati, waler-sangkere menawa apes, manfaate: gawea sabarang kang bangsa tetali, sarta nindakake sabarang pratingkah kang bangsa nenali).

  • Kemis Pon
    Mawulu (Ringkel wiji, tegese: apesing wiji, watake: kari roga, utawa nandang lara, manfaate: anggaru malukuwa sawah, sirikane: aja nibakake wiji), Yama (iya iku Batara Yamadipati, watake: agung maklume lan banget ing lumuhe, manfaate: adagang), Dadi (tegese: kayu, watake: lumuh kaungkulan, manfaate: nandur kitri agung), Lakuning Srengenge (bayi lair watake: manis pamicarane lan akeh maklume, nanging asor yen aduwe padu, samubarang tansah kacipta, yen memangan ora kena ingaweran, iku kalebu cacat), Satriya-wirang (watake: ing saenggon-enggone kudu kerep kalingseman, senadyan sumedya mikir marang kautaman, dumadakan kesandung, temah kerep nandang wirang, manfaate: kanggo nyekel wong ala), Macan-katawan (watake: keringan, manfaate: kanggo adeging pandapa lan regol).

  • Jum'at WageTungle (Ringkel Godong, tegese: apesing godong, watake: saguh nanging kumbi, manfaate: mirangake, sirikane: aja nandur kang pinurih godonge), Rudra (iya iku Batara Rudra, watake: berbudi lal boja karma, manfaate: anderes gawe sumur lan wangan), Dangu (tegese: watu, watake: meneng bae, manfaate: gawe tugu tutup lan wewadah), Aras Pepet Lakuning Pandita Sakti (bayi lair watake: meneng anggitan, yen winuruk nuli bisa, jero napsune, sok kena tinakonan, bisa marang padukunan, pamuwuse sok umuk, wong iku misuwuring jenenge lantaran sastra), Sumur-sinaba (watake: ing saenggon-enggone kudu dadi pangungsening kawigyan, manfaate: kanggo gae sumur), Nuju-pati (watake: kerep katiwasan, manfaate: kanggo gawe pager bumi lan gawe jabung), Celeng Tembalung sumengka (watake: demen anggelani atining wong, aja nenendur, kena ing ama tikus celeng).

  • Sabtu Kliwon
    Aryang (Ringkel Jalma, tegese: apesing wong, watake: sugih lalen, manfaate: gawe upas lan racun, sirikane: aja nenandur, nikahan, ngadegne omah), Brama (iya iku Batara Brama, watake: panas-baranan ora sarantan, manfaate: babad alas nggaru maluku sawah), Jagur (tegese: macan, watake: luwes rosa srei, manfaate: gawe pager lan lawanging regol), Lakuning Bumi (bayi lair watake: yen nggaota sok niwasi, andap asor pangucape, yen tutur sok wurung, sok ngekul sepadaning wong, mula ora duwe sanak, nanging kandane yekti nyata), Tunggak-semi (watake: ora pegat rejekine, sanadyan pinapas, meksa isih kudu tukul, manfaate: kanggo kepyakan priyayi), Sanggar-waringin (watake: padang atine, lan karem marang ilmu, bisa ngayomi kulawangsane, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging masjid utawa pamelengan), Kutila Pas tumurun ing Lesung (watake: durgama, manfaate: awita nglaras gamelan).


1 komentar:

  1. "WUKU LANDEP PAWUKON JAWA" Watak, Paringkelan, Padewan, Padangon, Paarasan, Pancasuda, Kamarrokam, Sengkan-turunan, Waler-sangker.

    http://alipz33.mywapblog.com/wuku-landep-pawukon-jawa-watak-paringkel.xhtml

    BalasHapus

Terimakasih atas kunjunganya!
Tolong berikan komentar, dan bagikan artikel ini melalui media sosial..