Selasa, 20 September 2016

"WUKU JULUNGPUJUD PAWUKON JAWA" Watak, Paringkelan, Padewan, Padangon, Paarasan, Pancasuda, Kamarrokam, Sengkan-turunan, Waler-sangker.



GAMBAR WUKU JULUNGPUJUD PAWUKON JAWA
15. WUKU JULUNGPUJUD

Dewane Batara guretna, kaduk meneng, yen nepsu kot-bisu, becik pocapane, lan ana kawisayane. Kayune Rembuyuk, bagus rupane tanpa ganda, saenggon-enggone diupaya. Manuke Emprit-jowan, gede karepe, aremit budine. Ngarepake Gunung, tanda gede karsane, tur lumuh kaungkulan barang karepe. Angungkurake banyu jembangan, sabarang karepe ketemu ing buri. Sengkala-bilahine: kateluh lan kataragnyana. Tulak-slametane: tumpeng dang-dangan beras sapitrah, iwak pitik abang kapanggang, kuluban warna sanga, salawate telung puluh keteng, dongane Bala-srewu myang Qunut. Candrane: Prau ana ing lautan, watake ngalor-ngidol anggone ngupaya pangan, mulane ora kekurangan rijeki. Lambange: Tumurune Sapi Gumarang, akeh lara sambang-rimpung, tegese bilahi sebab saka kena pocapan ala, amarga sok anyidrani janjine dewe. Murih rahayu slamet, pangruwate sarana sesaji gedang becici kang suluh satundun, lan ares-aresan, tindihe nem picis. Banjur kasidekahake.
Jabung Kala Wuku Jaya Bumi ana Lor-Kulon, pitung dina aja marani enggoning Jabung.

  • Ahad Kliwon
    Wurukung (Ringkel Sato, tegese: apesing sato, watake: lena, manfaate: mbeburu, sirikane: aja babad alas), Sri (iya iku Batari Sri, watake: asih lan welasan, manfaate: nandur pari lan tirisan), Wogan (tegese: uler, watake: mugen lan antepan, manfaate: gawe praboting prang), Lakuning Lintang (bayi lair watake: meneng lembah manah, nanging ora duwe sadulur, ora duwe napsu lan betah melek lamun bengi, tinakdir bia dagang lan bisa adol basane, yen duwe karep ora kena dipalangi), Lebu-katiyup-angin (watake: mlaratan, ora jenakan, kerep alihan, siyal sandang pangane, ora dadi sabarang karepe, demen ngumbara pikirane. manfaate: menyang alas mbeburu), Mantri-sinaroja (watake: ora kekurangan sandang pangan, yen angaota pakoleh, lan sugih anak, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging omah mburi).

  • Senen Legi
    Paningron (Ringkel Manuk, tegese: apesing manuk, watake: takabur, manfaate: memikat lan mbedil, sirikane: aja gawe kurungan manuk), Indra (iya iku Batara Indra, watake: nastiti lan angkuh, manfaate: ngaji sabarang kawruh), Tulus (tegese: banyu, watake: akeh karepe lan lembut ing pangarah, manfaate: anderes, gawe sumur lan wangan), Aras Peksi Lakuning Angin (bayi lair watake: meneng mandita, yen omah-omah / abale-omah tansah alihan padunungan, demen ginunggung, nanging yen duwe japa ora mandi, mulane tansah taranjalan ora jenjem budine), Tunggak-semi (watake: ora pegat rejekine, sanadyan pinapas, meksa isih kudu tukul, manfaate: kanggo kepyakan priyayi), Nuju-pati (watake: kerep katiwasan, manfaate: kanggo gawe pager bumi lan gawe jabung).

  • Selasa Paing
    Uwas (Ringkel Mina, tegese: apesing iwak loh, watake: melikan, manfaate: gawe saya jaring jala, sirikane: aja ngingu iwak), Guru (iya iku Batara Guru, watake: nyenyoba nggenganjar lelemeran, manfaate: masang tetumbal), Wurung (tegese: geni, watake: panas-baranan, manfaate: babad alas, nggaru lan maluku sawah), Aras Kembang Lakuning Jejodon (bayi lair watake: ora dremen anak, nanging akeh sanake lan linulutan marang wong lanang wadon, gampang lamun nggraita lan nggaota, samono iku lamun omah-omah / laki-rabi), Satriya-wirang (watake: ing saenggon-enggone kudu kerep kalingseman, senadyan sumedya mikir marang kautaman, dumadakan kesandung, temah kerep nandang wirang, manfaate: kanggo nyekel wong ala), Kala-tinantang (watake: gede napsune, manfaate: kanggo adeging pawon).

  • Rebo Pon
    Mawulu (Ringkel wiji, tegese: apesing wiji, watake: kari roga, utawa nandang lara, manfaate: anggaru malukuwa sawah, sirikane: aja nibakake wiji), Yama (iya iku Batara Yamadipati, watake: agung maklume lan banget ing lumuhe, manfaate: adagang), Dadi (tegese: kayu, watake: lumuh kaungkulan, manfaate: nandur kitri agung), Lakuning Rembulan (bayi lair watake: bangkit marang sabarang penggawean, lan sadelo bae bisa mukti, yen winuruk gelis bisa, linulutan marang wong, jembar budine, nanging sungkanan lan ora sugih), Bumi-kapetak (watake: kukuh nanging resikan atine, prayoga kudu taberi ing gawe sarta betah luwe, yen kesed sarta ora betah luwe iku dadi kamlaratane, sebab uriping bumi iku kalawan ingupakara, dene uriping badan kudu taberi sabarang, manfaate: kanggo adeging cagak lan kanggo gawe jumbleng), Mantri-sinaroja (watake: ora kekurangan sandang pangan, yen angaota pakoleh, lan sugih anak, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging omah mburi).

  • Kemis Wage
    Tungle (Ringkel Godong, tegese: apesing godong, watake: saguh nanging kumbi, manfaate: mirangake, sirikane: aja nandur kang pinurih godonge), Rudra (iya iku Batara Rudra, watake: berbudi lal boja karma, manfaate: anderes gawe sumur lan wangan), Dangu (tegese: watu, watake: meneng bae, manfaate: gawe tugu tutup lan wewadah), Aras Kembang Lakuning Jejodon (bayi lair watake: ora dremen anak, nanging akeh sanake lan linulutan marang wong lanang wadon, gampang lamun nggraita lan nggaota, samono iku lamun omah-omah / laki-rabi), Tunggak-semi (watake: ora pegat rejekine, sanadyan pinapas, meksa isih kudu tukul, manfaate: kanggo kepyakan priyayi), Nuju-pati (watake: kerep katiwasan, manfaate: kanggo gawe pager bumi lan gawe jabung), Celeng Tembalung sumengka (watake: demen anggelani atining wong, aja nenendur, kena ing ama tikus celeng).

  • Jum'at Kliwon
    Aryang (Ringkel Jalma, tegese: apesing wong, watake: sugih lalen, manfaate: gawe upas lan racun, sirikane: aja nenandur, nikahan, ngadegne omah), Brama (iya iku Batara Brama, watake: panas-baranan ora sarantan, manfaate: babad alas nggaru maluku sawah), Jagur (tegese: macan, watake: luwes rosa srei, manfaate: gawe pager lan lawanging regol), Lakuning Rembulan (bayi lair watake: bangkit marang sabarang penggawean, lan sadelo bae bisa mukti, yen winuruk gelis bisa, linulutan marang wong, jembar budine, nanging sungkanan lan ora sugih), Wasesa-sagara (watake: sugih ngapura, tur jembar budine, bisa momot ujar kang ala lan ujar kang becik, tur gede prabawane. manfaate: kanggo nenandur), Kala-tinantang (watake: gede napsune, manfaate: kanggo adeging pawon), Kutila Pas tumurun ing Taman (watake: durgama, manfaate: awita nglaras gamelan).

  • Sabtu Legi
    Wurukung (Ringkel Sato, tegese: apesing sato, watake: lena, manfaate: mbeburu, sirikane: aja babad alas), Kala (iya iku Batara Kala, watake: candala ing budi, murka goroh lan ngamandaka, manfaate: gawe pepacak), Gigis (tegese: bumi, watake: rosa lan amot, manfaate: nenandur lan potang), Lakuning Rembulan (bayi lair watake: bangkit marang sabarang penggawean, lan sadelo bae bisa mukti, yen winuruk gelis bisa, linulutan marang wong, jembar budine, nanging sungkanan lan ora sugih), Bumi-kapetak (watake: kukuh nanging resikan atine, prayoga kudu taberi ing gawe sarta betah luwe, yen kesed sarta ora betah luwe iku dadi kamlaratane, sebab uriping bumi iku kalawan ingupakara, dene uriping badan kudu taberi sabarang, manfaate: kanggo adeging cagak lan kanggo gawe jumbleng), Mantri-sinaroja (watake: ora kekurangan sandang pangan, yen angaota pakoleh, lan sugih anak, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging omah mburi), Sri Gati sumengka (watake: demen ngundamana pawewehe).


1 komentar:

  1. "WUKU JULUNGPUJUD PAWUKON JAWA" Watak, Paringkelan, Padewan, Padangon, Paarasan, Pancasuda, Kamarrokam, Sengkan-turunan, Waler-sangker.

    http://alipz33.mywapblog.com/wuku-julungpujud-pawukon-jawa.xhtml

    BalasHapus

Terimakasih atas kunjunganya!
Tolong berikan komentar, dan bagikan artikel ini melalui media sosial..