Rabu, 28 September 2016

"WUKU KURUWELUT PAWUKON JAWA" Watak, Paringkelan, Padewan, Padangon, Paarasan, Pancasuda, Kamarrokam, Sengkan-turunan, Waler-sangker.



GAMBAR WUKU KURUWELUT PAWUKON JAWA
17. WUKU KURUWELUT


Dewane Batara Wisnu, prayitna mantep ing karja, wingit wicarane, demen ngungasake kwruhe, nggraita tyase. Kayune Parijata, demen marang sesanake, lan rada prihatinan. Manuke Sapahan, kesit budine, lembut barang karepe. Amandi Cakra, karem ulah ing kaprajuritan, slamet panggalihe resik. Gedonge ana ing ngarep, ngatokake dunyane, paradah nanging ora sarju, gede budine, akeh begjane. Sengkala-bilahine: susah myang kinaniaya. Tulak-slametane: wedus tujah, tegese wedus kang putih sikile ing ngarep, kaolah kang pepak, salawate satus keteng, dongane Slamet Kabula. Candrane: Banyu gede banjir bandang, watake angleluwihi wicarane, kaya andadal-ndadalna, nanging ora teyeng wigati, malah anggegawa kang akeh-akeh. Lambange: Kapas agring, tegese bilahi sebab saka kinaniaya ing durjana. Murih rahayu slamet, pangruwate sarana sesaji tebu ireng patang lonjor, lan ares-aresan, tindihe nem picis. Banjur kasidekahake.
Jabung Kala Wuku Jaya Bumi ana ing Duwur, pitung dina aja munggah utawa memenek.

  • Ahad Wage
    Uwas (Ringkel Mina, tegese: apesing iwak loh, watake: melikan, manfaate: gawe saya jaring jala, sirikane: aja ngingu iwak), Kala (iya iku Batara Kala, watake: candala ing budi, murka goroh lan ngamandaka, manfaate: gawe pepacak), Jagur (tegese: macan, watake: luwes rosa srei, manfaate: gawe pager lan lawanging regol), Aras Peksi Lakuning Angin (bayi lair watake: meneng mandita, yen omah-omah / abale-omah tansah alihan padunungan, demen ginunggung, nanging yen duwe japa ora mandi, mulane tansah taranjalan ora jenjem budine), Satria-wibawa (watake: ana ing ngendi panggonan kudu oleh kawibawan lan kaluhuran, manfaate: kanggo adeging omah, lan kanggo nikahan), Kala-tinantang (watake: gede napsune, manfaate: kanggo adeging pawon), Kala Dite (tegese: dina kang angker, pinuju jayane Kala Sengkala lan jayane singha kang tansah mangayam-ayam manusa kang lahir julung. mula dina iki kalebu dina kang disingkiri kanggao kaperluan kang wigati; mantu agawe omah boyongan lsp).

  • Senen Kliwon
    Mawulu (Ringkel wiji, tegese: apesing wiji, watake: kari roga, utawa nandang lara, manfaate: anggaru malukuwa sawah, sirikane: aja nibakake wiji), Uma (iya iku Batari Uma , watake: welas marang ing kasusahan lan jail ing ati, manfaate: gawe pager lan wates), Gigis (tegese: bumi, watake: rosa lan amot, manfaate: nenandur lan potang), Aras Kembang Lakuning Jejodon (bayi lair watake: ora dremen anak, nanging akeh sanake lan linulutan marang wong lanang wadon, gampang lamun nggraita lan nggaota, samono iku lamun omah-omah / laki-rabi), Satriya-wirang (watake: ing saenggon-enggone kudu kerep kalingseman, senadyan sumedya mikir marang kautaman, dumadakan kesandung, temah kerep nandang wirang, manfaate: kanggo nyekel wong ala), Macan-katawan (watake: keringan, manfaate: kanggo adeging pandapa lan regol).

  • Selasa Legi
    Tungle (Ringkel Godong, tegese: apesing godong, watake: saguh nanging kumbi, manfaate: mirangake, sirikane: aja nandur kang pinurih godonge), Sri (iya iku Batari Sri, watake: asih lan welasan, manfaate: nandur pari lan tirisan), Kerangan (tegese: srengenge, watake: nastiti lan ajeg, manfaate: njenengake priyayi), Lakuning Geni (bayi lair watake: panas baranan mbangun perang, panasten drengki akeh kang pinaragut, yen wong wadon sok manggung gawe bilahi), Wasesa-sagara (watake: sugih ngapura, tur jembar budine, bisa momot ujar kang ala lan ujar kang becik, tur gede prabawane. manfaate: kanggo nenandur), Nuju-padu (watake: kerep pasulayan, manfaate: kanggo ageging pawon).

  • Rebo Paing
    Aryang (Ringkel Jalma, tegese: apesing wong, watake: sugih lalen, manfaate: gawe upas lan racun, sirikane: aja nenandur, nikahan, ngadegne omah), Indra (iya iku Batara Indra, watake: nastiti lan angkuh, manfaate: ngaji sabarang kawruh), Nohan (tegese: rembulan, watake: welasan oleh ala, manfaate: adagang ana ing dalan), Lakuning Banyu (bayi lair watake: ing tembe bocah iku sok parentah marang sepadaning wong, keras budine lan padune, ora gelem yen kurang mangan, jembar polatane, yen omah-omah / rabi-laki manggung tukaran, samono iku lamun ora jodo), Wasesa-sagara (watake: sugih ngapura, tur jembar budine, bisa momot ujar kang ala lan ujar kang becik, tur gede prabawane. manfaate: kanggo nenandur), Sanggar-waringin (watake: padang atine, lan karem marang ilmu, bisa ngayomi kulawangsane, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging masjid utawa pamelengan).

  • Kemis Pon
    Wurukung (Ringkel Sato, tegese: apesing sato, watake: lena, manfaate: mbeburu, sirikane: aja babad alas), Guru (iya iku Batara Guru, watake: nyenyoba nggenganjar lelemeran, manfaate: masang tetumbal), Wogan (tegese: uler, watake: mugen lan antepan, manfaate: gawe praboting prang), Lakuning Srengenge (bayi lair watake: manis pamicarane lan akeh maklume, nanging asor yen aduwe padu, samubarang tansah kacipta, yen memangan ora kena ingaweran, iku kalebu cacat), Satriya-wirang (watake: ing saenggon-enggone kudu kerep kalingseman, senadyan sumedya mikir marang kautaman, dumadakan kesandung, temah kerep nandang wirang, manfaate: kanggo nyekel wong ala), Macan-katawan (watake: keringan, manfaate: kanggo adeging pandapa lan regol).

  • Jum'at Wage
    Paningron (Ringkel Manuk, tegese: apesing manuk, watake: takabur, manfaate: memikat lan mbedil, sirikane: aja gawe kurungan manuk), Yama (iya iku Batara Yamadipati, watake: agung maklume lan banget ing lumuhe, manfaate: adagang), Tulus (tegese: banyu, watake: akeh karepe lan lembut ing pangarah, manfaate: anderes, gawe sumur lan wangan), Aras Pepet Lakuning Pandita Sakti (bayi lair watake: meneng anggitan, yen winuruk nuli bisa, jero napsune, sok kena tinakonan, bisa marang padukunan, pamuwuse sok umuk, wong iku misuwuring jenenge lantaran sastra), Sumur-sinaba (watake: ing saenggon-enggone kudu dadi pangungsening kawigyan, manfaate: kanggo gae sumur), Nuju-pati (watake: kerep katiwasan, manfaate: kanggo gawe pager bumi lan gawe jabung), Celeng Tembalung tumurun ing Tegal (watake: demen laku salib, amrih bilahining wong, manfaate: awita ngaji pasirepan sabarang).

  • Sabtu Kliwon
    Uwas (Ringkel Mina, tegese: apesing iwak loh, watake: melikan, manfaate: gawe saya jaring jala, sirikane: aja ngingu iwak), Rudra (iya iku Batara Rudra, watake: berbudi lal boja karma, manfaate: anderes gawe sumur lan wangan), Wurung (tegese: geni, watake: panas-baranan, manfaate: babad alas, nggaru lan maluku sawah), Lakuning Bumi (bayi lair watake: yen nggaota sok niwasi, andap asor pangucape, yen tutur sok wurung, sok ngekul sepadaning wong, mula ora duwe sanak, nanging kandane yekti nyata), Tunggak-semi (watake: ora pegat rejekine, sanadyan pinapas, meksa isih kudu tukul, manfaate: kanggo kepyakan priyayi), Sanggar-waringin (watake: padang atine, lan karem marang ilmu, bisa ngayomi kulawangsane, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging masjid utawa pamelengan), Kutila Pas sumengka (watake: demen gawe lali luputing wong, aja nandur pari jagung, kena ing ama uler manuk), Tali Wangke (yaiku dina kalebu dina kang ala lan disingkiri, sirikane: aja ngudunake kewan ingon-ingon kang asikil papat, aja mantu gawe omah lan sakpanunggalane kaperluan kang wigati, waler-sangkere menawa apes, manfaate: gawea sabarang kang bangsa tetali, sarta nindakake sabarang pratingkah kang bangsa nenali).

1 komentar:

  1. "WUKU KURUWELUT PAWUKON JAWA" Watak, Paringkelan, Padewan, Padangon, Paarasan, Pancasuda, Kamarrokam, Sengkan-turunan, Waler-sangker.

    http://alipz33.mywapblog.com/wuku-kuruwelut-pawukon-jawa.xhtml

    BalasHapus

Terimakasih atas kunjunganya!
Tolong berikan komentar, dan bagikan artikel ini melalui media sosial..