Jumat, 23 September 2016

"WUKU PAHANG PAWUKON JAWA" Watak, Paringkelan, Padewan, Padangon, Paarasan, Pancasuda, Kamarrokam, Sengkan-turunan, Waler-sangker.



GAMBAR WUKU PAHANG PAWUKON JAWA
16. WUKU PAHANG

Dewane Batara Tantra, paksa luwih pangucape, watak para tantang, lan ngaluhurake kasujanane. Kayune Kandayakan, dadi pangaubahing wong kawelas-asih, lan wong minggat. Manuke Cocak, juweh wicarane. Mandi Lelandep, sugih yitna, lanas pangucape tur panasten. Ngiwakake banyu jembangan, demen angiwa pambekane. Gedonge malumah, luwih boros, lan lila ing dunyane. Sengkala-bilahine: Kinaniaya. Tulak-slametane: sega wuduk dang-dangan beras sapitrah, iwak pitik putih mulus limembarang, kuluban warna sawelas, salawate sangang keteng, dongane Rasul. Candrane: Pulo katon saka ing kadohan, watake misuwur sabarange, ing jaba suci nanging ing jero tansah prihatin. Lambange: Akeh manuk kena, tegese bilahi sebab saka kena ing pasangan. Murih rahayu slamet, pangruwate sarana sesaji jambu klampok satus iji, lan ares-aresan, tindihe pitung picis. Banjur kasidekahake.
Jabung Kala Wuku Jaya Bumi ana Kidul, pitung dina aja marani enggoning Jabung.

  • Ahad Paing
    Paningron (Ringkel Manuk, tegese: apesing manuk, watake: takabur, manfaate: memikat lan mbedil, sirikane: aja gawe kurungan manuk), Uma (iya iku Batari Uma , watake: welas marang ing kasusahan lan jail ing ati, manfaate: gawe pager lan wates), Kerangan (tegese: srengenge, watake: nastiti lan ajeg, manfaate: njenengake priyayi), Lakuning Rembulan (bayi lair watake: bangkit marang sabarang penggawean, lan sadelo bae bisa mukti, yen winuruk gelis bisa, linulutan marang wong, jembar budine, nanging sungkanan lan ora sugih), Wasesa-sagara (watake: sugih ngapura, tur jembar budine, bisa momot ujar kang ala lan ujar kang becik, tur gede prabawane. manfaate: kanggo nenandur), Nuju-pati (watake: kerep katiwasan, manfaate: kanggo gawe pager bumi lan gawe jabung).

  • Senen Pon
    Uwas (Ringkel Mina, tegese: apesing iwak loh, watake: melikan, manfaate: gawe saya jaring jala, sirikane: aja ngingu iwak), Sri (iya iku Batari Sri, watake: asih lan welasan, manfaate: nandur pari lan tirisan), Nohan (tegese: rembulan, watake: welasan oleh ala, manfaate: adagang ana ing dalan), Aras Tuding Lakuning Setan (bayi lair watake: wani ngambah ing wengi, kendel, lan yen duwe dandanan / sandangan kudu diedol bae, calimut melik marang duweking tangga), Sumur-sinaba (watake: ing saenggon-enggone kudu dadi pangungsening kawigyan, manfaate: kanggo gae sumur), Kala-tinantang (watake: gede napsune, manfaate: kanggo adeging pawon).

  • Selasa Wage
    Mawulu (Ringkel wiji, tegese: apesing wiji, watake: kari roga, utawa nandang lara, manfaate: anggaru malukuwa sawah, sirikane: aja nibakake wiji), Indra (iya iku Batara Indra, watake: nastiti lan angkuh, manfaate: ngaji sabarang kawruh), Wogan (tegese: uler, watake: mugen lan antepan, manfaate: gawe praboting prang), Lakuning Bumi (bayi lair watake: amem meneng cugetan-aten, ora duwe sanak, tur ketul pikre wong iku, rada kanggonan tabiat demen sembranan karo wong wadon, yen wong wadon karo wong lanang), Lebu-katiyup-angin (watake: mlaratan, ora jenakan, kerep alihan, siyal sandang pangane, ora dadi sabarang karepe, demen ngumbara pikirane. manfaate: menyang alas mbeburu), Mantri-sinaroja (watake: ora kekurangan sandang pangan, yen angaota pakoleh, lan sugih anak, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging omah mburi).

  • Rebo Kliwon
    Tungle (Ringkel Godong, tegese: apesing godong, watake: saguh nanging kumbi, manfaate: mirangake, sirikane: aja nandur kang pinurih godonge), Guru (iya iku Batara Guru, watake: nyenyoba nggenganjar lelemeran, manfaate: masang tetumbal), Tulus (tegese: banyu, watake: akeh karepe lan lembut ing pangarah, manfaate: anderes, gawe sumur lan wangan), Lakuning Srengenge (bayi lair watake: manis pamicarane lan akeh maklume, nanging asor yen aduwe padu, samubarang tansah kacipta, yen memangan ora kena ingaweran, iku kalebu cacat), Lebu-katiyup-angin (watake: mlaratan, ora jenakan, kerep alihan, siyal sandang pangane, ora dadi sabarang karepe, demen ngumbara pikirane. manfaate: menyang alas mbeburu), Nuju-padu (watake: kerep pasulayan, manfaate: kanggo ageging pawon).

  • Kemis Legi
    Aryang (Ringkel Jalma, tegese: apesing wong, watake: sugih lalen, manfaate: gawe upas lan racun, sirikane: aja nenandur, nikahan, ngadegne omah), Yama (iya iku Batara Yamadipati, watake: agung maklume lan banget ing lumuhe, manfaate: adagang), Wurung (tegese: geni, watake: panas-baranan, manfaate: babad alas, nggaru lan maluku sawah), Lakuning Lintang (bayi lair watake: meneng lembah manah, nanging ora duwe sadulur, ora duwe napsu lan betah melek lamun bengi, tinakdir bia dagang lan bisa adol basane, yen duwe karep ora kena dipalangi), Satria-wibawa (watake: ana ing ngendi panggonan kudu oleh kawibawan lan kaluhuran, manfaate: kanggo adeging omah, lan kanggo nikahan), Sanggar-waringin (watake: padang atine, lan karem marang ilmu, bisa ngayomi kulawangsane, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging masjid utawa pamelengan).

  • Jum'at Paing
    Wurukung (Ringkel Sato, tegese: apesing sato, watake: lena, manfaate: mbeburu, sirikane: aja babad alas), Rudra (iya iku Batara Rudra, watake: berbudi lal boja karma, manfaate: anderes gawe sumur lan wangan), Dadi (tegese: kayu, watake: lumuh kaungkulan, manfaate: nandur kitri agung), Lakuning Srengenge (bayi lair watake: manis pamicarane lan akeh maklume, nanging asor yen aduwe padu, samubarang tansah kacipta, yen memangan ora kena ingaweran, iku kalebu cacat), Tunggak-semi (watake: ora pegat rejekine, sanadyan pinapas, meksa isih kudu tukul, manfaate: kanggo kepyakan priyayi), Mantri-sinaroja (watake: ora kekurangan sandang pangan, yen angaota pakoleh, lan sugih anak, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging omah mburi), Asu Ajag Tumurun ing Latar (watake: demen ngaget-ageti, amrih kinaweden saujare, manfaate: awita gawe gamelan).

  • Sabtu Pon
    Paningron (Ringkel Manuk, tegese: apesing manuk, watake: takabur, manfaate: memikat lan mbedil, sirikane: aja gawe kurungan manuk), Brama (iya iku Batara Brama, watake: panas-baranan ora sarantan, manfaate: babad alas nggaru maluku sawah), Dangu (tegese: watu, watake: meneng bae, manfaate: gawe tugu tutup lan wewadah), Lakuning Banyu (bayi lair watake: ing tembe bocah iku sok parentah marang sepadaning wong, keras budine lan padune, ora gelem yen kurang mangan, jembar polatane, yen omah-omah / rabi-laki manggung tukaran, samono iku lamun ora jodo), Wasesa-sagara (watake: sugih ngapura, tur jembar budine, bisa momot ujar kang ala lan ujar kang becik, tur gede prabawane. manfaate: kanggo nenandur), Nuju-pati (watake: kerep katiwasan, manfaate: kanggo gawe pager bumi lan gawe jabung), Sapi Gumarang Sumengka (watake: demen kajen kinaweden, aja nandur pari jagung, kena ing ama ketek walang).


1 komentar:

  1. "WUKU PAHANG PAWUKON JAWA" Watak, Paringkelan, Padewan, Padangon, Paarasan, Pancasuda, Kamarrokam, Sengkan-turunan, Waler-sangker.

    http://alipz33.mywapblog.com/wuku-pahang-pawukon-jawa.xhtml

    BalasHapus

Terimakasih atas kunjunganya!
Tolong berikan komentar, dan bagikan artikel ini melalui media sosial..