Rabu, 10 Agustus 2016

"WUKU GUMBREG PAWUKON JAWA" Watak, Paringkelan, Padewan, Padangon, Paarasan, Pancasuda, Kamarrokam, Sengkan-turunan, Waler-sangker.



GAMBAR WUKU GUMBREG PAWUKON JAWA
6. WUKU GUMBREG

Dewane Batara Cakra, bisa ngungkuli sapepadane, ujar sapisan tur patitis, lila warana ing ati. Suku ngarsa kakobok ing banyu, parentahe adem ngarep panas buri. Kayune Waringin, dadi pangauban kadang wargane. Manuke Ayam-alas, kesit budine, tur pinilala ing wong agung, manis arum pangucape, sugih wicara demen kang mulat, kanggep pangawulane, luhur piyangkuhe, lan gede daulate. Gedonge Kakiwakake, lila ing dunyane, kang nganggo karana rai. Sengkala-bilahine : kabalabak lan kacemplung ing banyu. Tulak-slametane : sega pera dang-dangan beras sapitrah, lawuhe pitik barumbun lumancur dipindang, kuluban warna sanga, salawate patang keteng, dongane Rajukna. Candrane : Geter pater ing sabumi, watake sugih kojah lan sugih ilmu, atine sumuci-suci, ananging ora sumurup marang wekasane, dadi tumrape marang ilmu temahan wigar anggagar. Lambange : Patining wreksa, tegese bilahi marga saka binendon ing wong agung. Murih rahayu slamet, pangruwate sarana sesaji beneman gembili sapuluh iji, lan ares-aresan, tindihe patang picis. Banjur kasidekahake.
Jabung Kala Wuku Jaya Bumi ana Kidul, pitung dina aja marani enggoning jabung.

  • Ahad Paing
    Mawulu (Ringkel wiji, tegese: apesing wiji, watake: kari roga, utawa nandang lara, manfaate: anggaru malukuwa sawah, sirikane: aja nibakake wiji), Yama (iya iku Batara Yamadipati, watake: agung maklume lan banget ing lumuhe, manfaate: adagang), Wogan (tegese: uler, watake: mugen lan antepan, manfaate: gawe praboting prang), Lakuning Rembulan (bayi lair watake: bangkit marang sabarang penggawean, lan sadelo bae bisa mukti, yen winuruk gelis bisa, linulutan marang wong, jembar budine, nanging sungkanan lan ora sugih), Wasesa-sagara (watake: sugih ngapura, tur jembar budine, bisa momot ujar kang ala lan ujar kang becik, tur gede prabawane. manfaate: kanggo nenandur), Nuju-pati (watake: kerep katiwasan, manfaate: kanggo gawe pager bumi lan gawe jabung), Asu Ajag Sumengka (watake: demen dierami ing wong, aja nandur pari bakal kena ing ama lodoh).

  • Senen Pon
    Tungle (Ringkel Godong, tegese: apesing godong, watake: saguh nanging kumbi, manfaate: mirangake, sirikane: aja nandur kang pinurih godonge), Rudra (iya iku Batara Rudra, watake: berbudi lal boja karma, manfaate: anderes gawe sumur lan wangan), Tulus (tegese: banyu, watake: akeh karepe lan lembut ing pangarah, manfaate: anderes, gawe sumur lan wangan), Aras Tuding Lakuning Setan (bayi lair watake: wani ngambah ing wengi, kendel, lan yen duwe dandanan / sandangan kudu diedol bae, calimut melik marang duweking tangga), Sumur-sinaba (watake: ing saenggon-enggone kudu dadi pangungsening kawigyan, manfaate: kanggo gae sumur), Kala-tinantang (watake: gede napsune, manfaate: kanggo adeging pawon), Sapi Gumarang Tumurun ing Taman (watake: demen angrusak kabecikan, manfaate: awita gawe omah padeksan).

  • Selasa Wage
    Aryang (Ringkel Jalma, tegese: apesing wong, watake: sugih lalen, manfaate: gawe upas lan racun, sirikane: aja nenandur, nikahan, ngadegne omah), Brama (iya iku Batara Brama, watake: panas-baranan ora sarantan, manfaate: babad alas nggaru maluku sawah), Wurung (tegese: geni, watake: panas-baranan, manfaate: babad alas, nggaru lan maluku sawah), Lakuning Bumi (bayi lair watake: amem meneng cugetan-aten, ora duwe sanak, tur ketul pikre wong iku, rada kanggonan tabiat demen sembranan karo wong wadon, yen wong wadon karo wong lanang), Lebu-katiyup-angin (watake: mlaratan, ora jenakan, kerep alihan, siyal sandang pangane, ora dadi sabarang karepe, demen ngumbara pikirane. manfaate: menyang alas mbeburu), Mantri-sinaroja (watake: ora kekurangan sandang pangan, yen angaota pakoleh, lan sugih anak, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging omah mburi).

  • Rebo Kliwon
    Wurukung (Ringkel Sato, tegese: apesing sato, watake: lena, manfaate: mbeburu, sirikane: aja babad alas), Kala (iya iku Batara Kala, watake: candala ing budi, murka goroh lan ngamandaka, manfaate: gawe pepacak), Dadi (tegese: kayu, watake: lumuh kaungkulan, manfaate: nandur kitri agung), Lakuning Srengenge (bayi lair watake: manis pamicarane lan akeh maklume, nanging asor yen aduwe padu, samubarang tansah kacipta, yen memangan ora kena ingaweran, iku kalebu cacat), Lebu-katiyup-angin (watake: mlaratan, ora jenakan, kerep alihan, siyal sandang pangane, ora dadi sabarang karepe, demen ngumbara pikirane. manfaate: menyang alas mbeburu), Nuju-padu (watake: kerep pasulayan, manfaate: kanggo ageging pawon)

  • Kemis Legi
    Paningron (Ringkel Manuk, tegese: apesing manuk, watake: takabur, manfaate: memikat lan mbedil, sirikane: aja gawe kurungan manuk), Uma (iya iku Batari Uma , watake: welas marang ing kasusahan lan jail ing ati, manfaate: gawe pager lan wates), Dangu (tegese: watu, watake: meneng bae, manfaate: gawe tugu tutup lan wewadah), Lakuning Lintang (bayi lair watake: meneng lembah manah, nanging ora duwe sadulur, ora duwe napsu lan betah melek lamun bengi, tinakdir bia dagang lan bisa adol basane, yen duwe karep ora kena dipalangi), Satria-wibawa (watake: ana ing ngendi panggonan kudu oleh kawibawan lan kaluhuran, manfaate: kanggo adeging omah, lan kanggo nikahan), Sanggar-waringin (watake: padang atine, lan karem marang ilmu, bisa ngayomi kulawangsane, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging masjid utawa pamelengan).

  • Jum'at Paing
    Uwas (Ringkel Mina, tegese: apesing iwak loh, watake: melikan, manfaate: gawe saya jaring jala, sirikane: aja ngingu iwak), Sri (iya iku Batari Sri, watake: asih lan welasan, manfaate: nandur pari lan tirisan), Jagur (tegese: macan, watake: luwes rosa srei, manfaate: gawe pager lan lawanging regol), Lakuning Srengenge (bayi lair watake: manis pamicarane lan akeh maklume, nanging asor yen aduwe padu, samubarang tansah kacipta, yen memangan ora kena ingaweran, iku kalebu cacat), Tunggak-semi (watake: ora pegat rejekine, sanadyan pinapas, meksa isih kudu tukul, manfaate: kanggo kepyakan priyayi), Mantri-sinaroja (watake: ora kekurangan sandang pangan, yen angaota pakoleh, lan sugih anak, manfaate: kanggo nikahan, lan adeging omah mburi).

  • Sabtu Pon
    Mawulu (Ringkel wiji, tegese: apesing wiji, watake: kari roga, utawa nandang lara, manfaate: anggaru malukuwa sawah, sirikane: aja nibakake wiji), Indra (iya iku Batara Indra, watake: nastiti lan angkuh, manfaate: ngaji sabarang kawruh), Gigis (tegese: bumi, watake: rosa lan amot, manfaate: nenandur lan potang), Lakuning Banyu (bayi lair watake: ing tembe bocah iku sok parentah marang sepadaning wong, keras budine lan padune, ora gelem yen kurang mangan, jembar polatane, yen omah-omah / rabi-laki manggung tukaran, samono iku lamun ora jodo), Wasesa-sagara (watake: sugih ngapura, tur jembar budine, bisa momot ujar kang ala lan ujar kang becik, tur gede prabawane. manfaate: kanggo nenandur), Nuju-pati (watake: kerep katiwasan, manfaate: kanggo gawe pager bumi lan gawe jabung).


1 komentar:

  1. "WUKU GUMBREG PAWUKON JAWA" Watak, Paringkelan, Padewan, Padangon, Paarasan, Pancasuda, Kamarrokam, Sengkan-turunan, Waler-sangker.

    http://alipz33.mywapblog.com/wuku-gumbreg-pawukon-jawa.xhtml

    BalasHapus

Terimakasih atas kunjunganya!
Tolong berikan komentar, dan bagikan artikel ini melalui media sosial..